saèstu prasasat kapendem ingkang lebet.) tanggal pisan kapurnaman, ('ibarat insan kamil, tegesipun kala wiwit tumitah dumados insan kamil, sareng musnanipun wangsul dateng insan kamil malih, tegesing insan kamil manusa ingkang sampurna.) jèn anenun sentèg pisan anigasi, (punika ibarat supena, déné sampun ngambah 'alam kanjut ladjeng tanginipun wangsul 'alam dunja malih.) kuda ngrap ing pandengan. (punika 'ibarat angen-angen.).
19. Ana kaju apurwa sawidji, ('ibarat kaju, déné rumijin pijambak.) wit buwana epang kéblat papat, ('ibarat kahananing tjahja, njoroti kéblat papat.) agodong méga anginé, ('ibarat kahananing napsu, akalihan napas.) apredapa kekuwung, ('ibarat roh lan tjahja.) kembang lintang salaga langit, ('ibarat kahananing pramana.) sari andaru kilat, ('ibarat 'akal, déné dados serenging sorot.) woh surja lan tèngsu, ('ibarat kunanging tingal, pating kalepjur.) asirat bun lawan udan, ('ibarat daging, déné tansah kasiraman toja saking djawi lebet.) apeputjuk akasa bungkah pratiwi, (punika 'ibarat sedya, déné inggil kadjengipun, ananging kawengku djasad.) aojot baju badjra, ('ibarat kahananing njawa, tan pisah lan napas.).
20. Wiwitané duk anemu tjandi, (wiwitipun kala manggih panggènan.) gegedongan miwah pawerangkan, ('ibarat kinurung ing manah, kawerangkan déning djasad, inggih punika Dzat.) sihing Hjang kabesmi kabèh, (sih-ing Pangéran dumunung ing hawa sadaja.) tan ana djanma kang wruh, (boten wonten manusa ingkang sumerep.) jèn weruha purwané dadi, (jèn sumerepa witing kadadosan.) tjandi sagara wétan, (dumunung manah sakawit.) ingobar karuhun, (wonten ing hawa rumijin.) kahjangané Sang Hjang Tunggal, (dumunungipun ingkang sipat Esa.) sapa reké kang djumeneng mung Artati, (sinten wijosipun kang djumeneng amung tjahja dyatmika.) anèng tengahing tawang. (wonten tengahing pandulu.).
21. Gunung agung sagara Sarandil, (tegesing gunung agung: djasad, saganten Sarandil: saganten teleng, dumunung ing raos.) langit ika amengku buwana, (pralambang Dzat anglimputi sipat.) kawruhana ing artiné, (kasumerepana ing artosipun.) gunung sagara umung, (pralambanging manah djantung, panggènan suwara.) guntur sirna kang mangku bumi, (sirnaning hawa déning kang. mengku panggènan.) rug langit sabuwana, (risaking bumi langit.). dadya kawruh iku, (punika dados kawruh.) mudya madyaning awijat, (memudji tengahing langit, tengahing djagad.) mangasrama ing gunung agung sabumi, (manggèn anenungku, ing lair trusing batin.) tjandi-tjandi sagara. (dumunung manggèn ing panggalih.).
22. Gunung luhuré kagiri-giri, (punika pralambanging Dzat, saèstu sumarambah ing rat.) sagara agung datanpa sama. (punika
pralambanging angen-angen.) pan sampun kawruhan reké, (wijos
45