Menyang kontèn

Kaca:Primbon Para Wali Impunan Saka Wewedjangane Para Wali Ing Tanah Djawa.pdf/45

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

15. Tiga lana kamulanirèki, (tiga punika langgeng kamulanipun.) Nila ening arané duk gesang, (angin wening asmanipun nalika. gesang.) duk mati Lajangsuksmané, (nalika pedjah suksmanipun dados waskita.) lan Suksmangumbarèku, (boten pisah kalihan suksma ngambara.) ing asmara mor raga jekti, (amoripun wonten raga. dumunung ing kasenengan.) durung darbé peparab, (dèrèng gadah. kekasih.) duk laréné iku, (nalika kalaréjanipun.) awajah bisa. dodolan, (ing wantji saged angambah.) aran Sang Tyasdjati ija Sang Artati, (nama manah sadjati inggih rahsa sadjati.) ija Sang Artadaja, (inggih sang budi djaki.).

16. Dadya wisa mangkja amartani, (dados wisa inggih dados. marta.) lamun marta temah amisaja, (tegesipun manawi binabar dados rubéda, jèn kaenengaken dados ening, dununging eneng punika ingkang santosa dateng godaning awon.) mila Artadaja rané, (mila winastan budi djaki, tegesipun manah sutji, jèn sutji ageng dajaprabawanipun.) duk lagja anèng gunung, (duk nalika wonten raga.) ngalih aran Asmaradjati, (ngalih nama sadjatining kasengseman.) wajah tumekèng tuwa, (wantji dumugi wewangen.) émut ibunipun, (ènget dunungipun.) tinari lunga mangétan, (dipun tantun késah dateng kamulanipun.) Ki Artati, anut gigiring Marapi, (tegesipun rasa anut kahananing Dzat.) angantjik ing Sundara. (anglenggahi rasaning pandulu.).

17. Ana pandita akarja wangsit, (wonten pandita adamel wewangsit.) mimba kombang angadjap ing tawang, (punika pralambanging Dzat, tegesipun swara punika saking djatining pandulu.) susuh angin ngendi nggoné, (tegesing susuhing angin punika. djantung.) lawan galihing kangkung, (tegesipun pralambanging rahsa, kadjenging semu galihing kakung, dados mustikaning djaler.) wekasaning langit djaladri, ('ibarat wewangening sorot, saèstu-tanpa wangenan.) isining wuluh wungwang, ('ibarat kahananing sir, awit wuluh wungwang punika tulupan, pandameling tulupan punika dumunung dados panudju.) mjang gigiring punglu, (tegesipun gigiring mimis, 'ibarat kaélokaning Dzat, déné boten arah boten. enggèn, ananging mokal orané mesti anané.) tapaking kuntul anglajang, (punika pralambanging roh, déné wontenipun ing djasad boten wonten antawisipun.) paksi miber uluké ngungkuli langit, ('ibarat rosaning budi, wimbuh salebeting djasad-kita.) kusumândjrah ing tawang. ('ibarat kaju, tegesipun sari maratani wonten ing pandulu.).

18. Ngambil banju apikulan warih, ('ibarating manusa asal saking banju, kedah angingsep toja.) lawan amèt geni adedamar, miwah kang srengéngé piné, ('ibarat manusa asal ing geni, kedah angungsed latu.) tuwin kang banju kinum, ('ibarat lereming sedya, saěstu ngungkuli asreping toja.) mjang dahana murub kabesmi,

('ibarat tijang angubungi napsu.) bumi pinetak ingkang, ('ibarat asor nandang kapesan.) buwana katijup, ('ibarat tijang tanpa guna,

44