Menyang kontèn

Kaca:Primbon Para Wali Impunan Saka Wewedjangane Para Wali Ing Tanah Djawa.pdf/43

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
KIDUNGAN
Kidung sapisan
KIDUNG RUMEKSA ING WENGI

1. Ana kidung rumeksa ing wengi, teguh aju luputa ing lara, adoh ing bilahi kabèh, djin sétan datan purun, paneluhan tenung tan wani, miwah panggawé ala, gunaning wong luput, geni atemahan. tirta, maling arda tan ana ngarah ing kami, guna tudju pan sirna.

2. Sakèhing lara pan samja bali, sagunging ama késah miruda, wedi asih panduluné, sakèhing bradja luput, kadi kapuk kapok. nibani, salwiring wisa tawa, sato galak tutut, kaju aèng lemah sangar, songing landak guwa lowong lemah miring, mjang pakiponing merak.

3. Pagupakaning warak sakalir, miwah artja lan sagara alas, temahan rahaju kabèh, bagja sarira aju, ingideran kang widhadari, rineksèng malaékat, sakatahing rusul, pan dadya sarira tunggal, ati Adam utekku Bagénda Esis, pangutjapku ja Musa.

4. Napasku Nabi 'Isa linuwih, Nabi Jakub pamijarsaningwang, Jusuf ing rupaku reké, Nabi Dawud swaraku, Djeng Suleman kasekten-mami, Ibrahim kang anjawa, Idris ing rambutku, Bagéndâli kulitingwang, Abu Bakar getih daging 'Umar singgih, balung Bagénda 'Usman.

5. Sungsumku Fatimah kang linuwih, Sitti Aminah bajuning angga, Ajub minangka ususé, Nabi Enuh djedjantung, Nabi Junus ing otot-mami, tjahjaku ja Muchammad, panduluku Rasul, pinajungan Adam sjara', sampun sangkep sakèhing nabi mjang wali, dadya sarira tunggal.

6. Widji sawidji mulané dadi, pentjar dumadi sèsining djagad, kasamadan déning Dzaté, sing-a matja mjang ngrungu, kang anurat tuwin nimpeni, sung rahajuning badan, kinarja sesembur, sira. watjakna ing toja, kinarja dus rara tuwa aglis laki, wong owah kèh waluja..

7. Lamun arsa tulus nandur pari, puwasaa sawengi sadina. iderana galengané, watjanen kidung iku, sakèh ama tan ana wani, lamun kinarja aprang, watjakna ing sekul, antuka tigang pulukan, mengsahira lerep datan ana wani, widada ing pajudan.

8. Déné jèn tan bisa matja kaki, winewera kinarjaa djimat. teguh slamet panemuné, lamun ginawé nglurug, mengsahira datan udani, luput sandjata uwa, iku pamrihipun, sabarang pakarjanira.

pan rineksa maring Hjang Kang Maha Sutji, sakarsané tinekan.

42