1. DAYA SARANA PUJA PANULAKING SAKALIR
Iya iki kang diarani Kulhu Geni, sawabe diwedeni ing setan, yen kawaca sapisan, setan karasa tugel tangane kang kiwa.
Yen kawatek rambah kaping loro, setan rumasa tugel baune kang tengen,
Yen kawaca kaping telu, setan rumasa ajur badane
Yen kawaca kaping pat, setan rumasa ajur mawut bidan kabch.
Yen kawaca kaping lima kanggo nyembur wong edan utawa wong kang kena ing antu, kawadahan ing pinggan Putih. banyu kaombekake utawa kasemburake
Yen kawaca kaping nem, kanggo ngambah lemah sangar, kayuseng. dadi padang tawar.
Manawa ana wong lara nganggo andleming. kawacakake kaping pitu, insya Allah saras.
Ing ngisor iki kang diwaca, diarani Kulhu Geni!
Bismillahirrahmani'rrahimi kulhu allohu akat, kun payakun masaiku kadiru'llahi ta'ala abadan abadan.".
Iki Kulhu Sungsang, diwaca kaping pitu, sawabe diwedeni dening jin setan sarta sakehing lelembut, apa dene tuju teluh tenung, kayu angker lemah sangar. kabeh kang wingit-wingit, iki pujine ,,Bismillahirrahmanirrahimi, kulhu sungsang, Sang Rajah Iman kekudungku, Malaekat Jabarail tetekenku. tinuntun Jeng Nabi Mukhammad' la ilaha illa'llah Mukhammad Rasulullahu 'alaihi wasallam, agung."
Iki, Kulhu Sepuh, Kulhu Balik, kanggo mbalekake tuju
tenung, kawaca kaping telu, iki kang diwaca: Bismillahi'rrahmani rrahimi, kulbu balik bolak balib, tansah kuwalik-walik, panujumu luput balik kena kang puju belaka, balekna, balakna, balekna, balika marang sira, la ilaha illallah Mukhammad Rasulullah, salla'llahu 'alaihi wasallam."
1