Menyang kontèn

Kaca:Primbon Ajimantrawara, Yogabrata, Rajahyogamantra.pdf/8

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

papadhane. Mula sing sapa bisa mbuwang pialaning atiné dhéwé, wus tamtu bakal oleh saliring kabegjan, kaluhuran lan liya-liyané kang tanpa wates.

5. Susila. Dununging kasusilan iku ana ing tatakrama, ingaurip aja nganti tinggal tatakrama. Déné tandanging tata krama iku rupa-rupa, yaiku tatakrama tumraping rarayatan, pamitran lan pasrawungan, apadené tumrap tatakrama atas pangawulan, utawa miturut tatakramaning bangsa dhéwé-dhéwé. Mungguh ugering tatakrama iku dumunung ana ing empan lan papan, sabab tatakrama iku kawengku ana pamisésaning empan papan lan mangsakala, kang lestariné kudu jinurung déning tindak duga prayoga, nastiti ngati-ati, ateges kasusilan iku ora kena pisah lan kaprayitnan. Wong kang sampurna kasusilané tentu oleh pangaji-aji, tansah jinunjung lan kinurmatan déning kang pada tunggal pambadi, awit tandanging kasusilan iku tansah nggawé reseping paningal.

Amula sapa baé ora mawang bangsa lan agama, kang kuwasa netepi laku 5 prakara kaya kasebut ing ndhuwur mau wus mesti bakal oleh kamulyan, kawibawan, kaluhuran lan sapanunggalané. Marga laku 5 prakara mau, iku kang dadi andaning kasembadané marga kuwasa angirup kakuatan dayaning kasektèn gaib.

Tegesé gaib = samar = élok, ngarani kadadéyaning kahanan kang ora bisa tinampan ing ndalem pikir. Kang meruhi lan kesérénan daya kasektening kagaiban mau mung para mardikèng cipta, kang ulah tapabrata ameper hawanapsuné sarta angurub-urubaké papadanging budi pangangen-angené, apadéné tansah nindakaké laku 5 prakara kaya kasebut ing nduwur mau.

Kacarita ilmu kagaiban utawa kasekten gaib, iku kang miwiwiti bangsa Hindu, banjur lumèrèng marang Egijpte (Mesir) lan Griekenland. Bangsa Itali (Roma) uga katularan ilmu mau, marga sakasasrawungané karo bangsa Griekenland. Ing pamburiné bangsa Arab uga kasèrènan kawruh mau, mung baé laku lan piwulangé béda karo kang katindakaké déning Bangsa Hindu.

Ing tanah Hindu, Egijpte lan Griekenland padha dadi kedunging ilmu kagaiban, ing nagara-nagara mau akèh yayasan-yayasan kang angédab-édabi, anggumunaké kaéndahané, kayata anané candi-candi dalah reca-recané, piramide, pagode lan liya-liyané. Kabèh mau padha amot sawarnaning rurupan manéka warna, sarta ukir-ukiran kang luwih awig, apadéné awujud tutulisan (aksara). Kahanan mangkono sajatiné kanggo piwulang kang jinejer simbul utawa pralambang, dadi kahanan mau sanyatané iya kena diwaca (diunèkaké) ora béda karo anané tulisan (aksara), nanging arang banget kang bisa maca. Salagi kang wujud aksara, kang wus lumrah pada bisa maca uniné, ananging uga arang kang mangerti surasané. Sanajan mangkonoa éwadéné

kawujudan-kawujudan mau yèn dipuja sarana ngunèkaké tutulisan

7