Primbon iki minangka panggayuhing kaluhuran lan kaslametan, sarana ngluluri watek lan lakuné luluhur kita ing nguni-uni jaman Majapait sapanduwur, kang ing wektu saiki wus sirna tanpa lari, kang ijih mung kari tabet-tabeté baé.
Ing jaman kamardikan saiki, kajaba ngunggar undaking kawruh, uga luwih perlu yèn ta kita pada mbaleni napaktilas niru lakuné para luluhur kita mau, yaiku pada ngudi kukuatan dayaning kasektèn gaib, dhedhasar papadanging pangerti kang nora angganggu kasarasaning badan lan angganggu masarakat sasrawungan umum. Tegesé kudu urip kang sarwa prasaja, apadéné ngrungkebi laku 5 prakara kaya kasebut ing ngisor iki :
1. Setya, wiwinih kasetyan, banjur nganakaké kusucian, katemenan, kaprasajan, kamardikan, kapribaden, katentreman, kasabaran lan sapanunggalane, kanti anteping kapracayan marang panggawéné déwé kang nyata bener lan becik, Ora pisan nyidrani mangsakala, ora lirwa ing sawarnaning kuwajiban kang pada dadi tatanggunganané lan kabutuhané, sarta adadasar welas asih lan tresna, adil, apadéné sugih pangapura. Watak adil ora pipisahan karo kasusetyan, iya adil ing bab apa baé, luwih-luwih ngadili saliring panggawéné déwé. Déné teteping adil kudu runtut karo tandanging pikir, karep lan panggawé. Mungguh wohing kasusetyan mau, lemtu ngunduh bagya yuwana, utama, mulya lan liya-liyané.
2. Sentosa, wiwinih kasantosan ngandakaké watak ora sungkanan, lumuh lan kesed, atiné teguh lan tetep, ora pisan maélu lan pradulèn pangrabasaning goda rencana saka ing liyan, sarta dumadi saka drubiksaning atiné déwé kang mumurung sakabèhing panggawé lan gagayuhané. Ora pisan mundur yèn durung kasembadan kang dadi gagayuhané mau.
3. Bener, iya benering sedya, benering panggawé, benering rasa pangrasa lan gagasan, apadéné tumandanging cipta anggoné ogerèh pancadriyané, kayata :
a. Kuping (pangrango). Pigunané kuping iya ngemungna kanggo niling-nilingaké swara kang pada nuju marang kebecikan lan wedaring kaayatahan kang sajati. Kosokbaliné aja nganti kuping kita kalebon sarupané dora para cidra lan sakabèhing swara kang ngemu rasa panyóda lan pangalembana, apadéné swara kang dadi wiwinihing
sosengitan utawa sasatron kang ndadèkaké pasulayan,
5