Menyang kontèn

Kaca:Primbon Ajimantrawara, Yogabrata, Rajahyogamantra.pdf/4

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
Gambaripun Pangimpun
Gambaripun Pangimpun
Radèn Ngabèhi Kartohasmoro
BUBUKA

Nuwun, Kitab Primbon Ajimantrawara; Yogabrata; Rajahyoga- mantra, punika primbon titilaranipun luluhur kita ing jaman kina, ngréwat ngilmu ingkang migunani tumraping ngagesang ing sadinten-dinten.

Kabetahaning ngagesang ing sajagad, ageng-alit, jaler-èstri, eněm sepuh; punika sami, sami ambetahaken kacekapaning sandhang tedha, sarta boten remen bilih kacahak wewenangipun tuwin kaganggu kamardikanipun. Kabetahaning manungsa sanyatanipun sampun sumadia, cumawis waradin wonten salumahing bumintara atirah-tirah, ananging maksa kathah ingkang boten komanan panduman

Amargi manungsa kathah ingkang sami katarungku ing babadaning kamurkanipun, mahanani watak jirih, kuwatos, melang-melang, tuwin boten tetep manahipun. Temah sami rerebatan, sarana ngulah lebdaning pamicara, srékal-arékalan, ingkang léna tiwas dumugi antakani