Kaca:Piridan Paramasastra.pdf/2

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
PURWAKA

Pawitanipun tiyang sinau basa punika seneng maos tuwin mirengaken cariyos-cariyos ingkang sae ingkang basanipun nengse maken, sregep ngothak-athik saha kulina nglelatih ngrakit ukara damel karangan.

Serat "Piridan Paramasastra Jawi Anyar" punika ing pangangkah kenginga kangge cepengan, para siswa anggenipun nyemak, naliti saha ndhapuk tembung-tembung ingkang leres saha maton.

Vondene ingkang karembag wonten ing buku punika saweg bab jinis tuwin wujud ing tembung mawi katrangan ringkes cetha, kadhapuk cara diktat supados gampil anggenipun nyinau.

Sampun tentu kemawon sanajan katingalipun sampun jangkep mbok menawi inggih taksih wonten cewetipun. Pramila ing pangajeng-ajeng nugi wontena panyaruwe saking para saged ingkang kasdu naos saha suka panrayogi aurih langkung sampurnanipun buku punika.

Wasana mugi ancas-sedyanipun pangripta majengaken pasinaon basa Jawi Anyar saged kaleksanan.

Nuwun.

Surakarta, 20 Januari 1973.

Pangripta.