Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/98

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

kadjeng kenari, tjemara tuwin asem, wringinipun katanem ing prapatan, kagalih sarenga dadosipun. Amargi saking kawasisanipun Radèn Udakawimba dadosing negari breng kados negari tiban, uparengganing keḍaton sarwa kentjana, kori djeplakan ingkang mandjing guwa ḍasar winadi, sumingit ing lengkonganing paningrat panepèn, tinatanan rerengganing pamudjan asarwa kanaka, bilih kabikak, bolonganipun bunḍer pinḍa pipaning margi angin. Wonten timbanipun besatan tarikan sarta uluran kawat bleḍèg, sakeḍap saged dumugi ing nganḍap, sakeḍap sampun wangsul dumugi ing nginggil, senadyan tukangipun ingkang sami nandangi boten sumerep kadjengipun, sarta boten sumerep ḍasaring guwa.

 Wedaling prabéja sadinten-dinten ambèr kados udaling umbul ing mangsa renḍeng, tetijang alit ingkang sami njambut damel sadinten-dinten tanpa witjalan; kaṭah ingkang ladjeng sami andjrak tumut gegrija ing paḍukuhan Sumber-redja. Erèng-èrènging redi satjelaking margi ageng kasipat kadamel pakampungan, traping grija aṭarik-ṭarik tiningalan anglam-alami.

 Katjarijos Kjai Ageng Wulusan tansah ngalembana ing kagunanipun Radèn Udakawimba, boten njana bilih paḍukuhan Sumber-redja énggal dados negari agemah rahardja, mirah sanḍang pangan, para djuragan sampun kaṭah ingkang sami ḍateng saha adamel pamonḍokan ageng. Tjiptanipun Kjai Ageng: „Radèn Udakawimba tumunten baḍé kapunḍut mantu."

. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 

 Ing wantji saput siti sang Prabu putri sekalijan ingkang raka teḍak saking pretapan, peḍut angampak-ampak angremeng margi, rumput kebunan kasrampat ing paḍa angebesi busana, lamuk sinerang soroting surja ingkang saweg mungup saking langit saja tipis wusana sirna, kantun ingkang angremeng ing kekadjengan, kawistara djelarèhing margi kaṭah sesimpanganipun, sang kalih awiranḍungan lampahipun sarwi gineman prekawis rèmèh-rèmèh ingkang adamel astjar-janing galih. Wantji bjar rawuh ing pasanggrahan, wadya bala sami kagèt déné sang Prabu putri rawuh sampun sekalijan ingkang garwa Pangeran Warihkusuma. Para abdi boten wonten ingkang panḍung ḍateng sang Pangéran, sami surak gumuruh ambal-ambalan. Kjai Patih sarta punggawa kaget ladjeng medal saking pakuwonipun pijambak-pijambak, kepanggih kalijan sang Pangéran sampun akantèn asta kalijan ingkang raji sang Prabu putri, sami suka sukur sarta sami ngaturaken pambage wiludjeng, ladjeng satata lenggah ing pasanggrahan. Sang Prabu putri ladjeng mangandikakaken anggenipun kepanggih kalijan ingkang raka mawiku wonten ing guwa patapan sarta mangandikakaken lelampahanipun sang Pangeran kalajan titi boten wonten ingkang kelangkungan. Sang Prabu putri munḍut pirembag ing bab pamalesipun ḍateng kraman ingkang ngrabasèng kiṭa Tuban.

 Aturipun Kjai Patih sarta para najaka sarembag kalijan sénapatining prang: pantes sang Pangéran angsal piwelas pamurina saking sang prabu. Dèrèng dumugi anggenipun pirembagan kasaru ḍatengipun patjalanging baris, ngaturi uninga jèn wonten dedamel ageng lumampah nudju ing pasanggrahan. Sang Prabu putri anginten jèn punika

96