Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/96

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

ngantos méh gagat endjing, boten amanoni utawi boten angsal sasmita punapa-punapa, kaken galihipun ladjeng saré pisan. Wantji bjar hjang aruna njoroti lawanging guwa, Rd. Udakawimba wungu saking saré kagèt aningali saḍasaring djurang njremomong kados wana kawelagar, dipun waspaosaken tetéla jèn mrengangah abrit déning kasorotan paḍanging srengéngé. Radèn éram ing galih déné wonten ketingal anèh ing salebeting djurang, sekunging galih baḍé kanjatakaken ḍateng ing ḍasar. Raden Udakawimba ladjeng muḍun pados margi ingkang rèpèh, wusana manggih unḍak-unḍakan séla tjenḍani sampun katutup ing rumput merakan. Radèn éram ing galih, déné unḍak-unḍakan wonten ing djurang, ladjeng gampil uḍunipun, namung kantun mijak rerungkudanipun. Dumugi ing nganḍap Radèn Udakawimba sumlengeren aningali wedinipun abrit kawowóran emas oré sarta sesotya amantja warni, ketingal pating karelip, saha éram malih tetéla jèn ingkang ketingal abrit wau tutuping kori gapuraning kedaton: tembaga sari kagemblèng, wonten sorogipun ageng taksih mandjing/Kori ladjeng kawengakaken gampil kémawon. Bjar katingal tjanḍi keḍaton salebeting guwa. Kados punapa kémawon éraming galihipun Rd. Udakawimba, saha éram malih déné salebeting guwa kados kaswargan, saged paḍang kados kapaḍangan ing diwangkara, boten sumerep bilih sampun wonten pinten-pinten bolongan margi angin ambekta pepaḍang saking djawi. Radèn Udakawimba ladjeng mlebet ḍateng keḍaton. Dumugi kori ageng kèndel aningali rerengganing kori, tutuping kori gemblengan selaka peṭak, tinatah ing kanaka angrawit, tebenging kori wonten seratanipun Budakala, mungel: Sang Prabu Kalapardha, ija Sang Kala Werḍati, gegunungan utawa ratuné para diju raseksa kang dedangka saubenging guwa sarta gunung-gunung talatah ing nuswa Djawa, kang angrenggani sarta akeḍaton ing Tirta-kanḍas.

 Radèn Udakawimba saweg sumerep jèn punika keḍaton ing Tirta-kanḍas. Ing galih radi adjrih bilih taksih raseksanipun, nanging ing serat pepakem tjarijos purwa prabu Kalapardha sampun tumpes sawadya-balanipun, kala andusta Déwi Érawati déning Wasi Djaladara sarta Radèn Pamadé, Amargi saking njenjetipun boten wonten sabawa kepireng, nélakaken suwenging kedaton, mila Radèn Udakawimba sirna sumelangipun, korining keḍaton ladjeng kasorog menga; sanget éraming galih déné boten wonten ingkang ketingal repit, sedaja taksih wetah ajam, rerengganing praba-sujasa emas. Radèn ladjeng ambikaki geḍong-geḍong ing salebeting keḍaton, sedaja kuntjinipun taksih sami mandjing ing incbipun pijambak-pijambak, pinten-pinten radjabrana kraton taksih pepak, tuwin bekakas ḍahar sarwa emas tuwin selaka, wusana ambikak geḍong radja-brana, ing ngriku klempaking dunja-arta emas arta selaka pinten-pinten kulah, emas oré sampun kawaḍahan ing entjèh ageng: pinten-pinten kaṭahipun. Radèn Udakawimba ngandika ing salebeting galih: „Jèn radja brana iki lestari kaduwé ing aku kabèh, kasugihanku angungkuli para ratu ing ngalam donja kang misuwur ḍéwé. Nanging jèn luput-luput sembiré nganti kauningan ing ratu kang ambawahaké padukuhan ing Sumber-redja kéné wurung Sugih, radja brana kadarbé ing lijan, awaké ḍéwé malah kaparéntah."

 Radèn Udakawimba sampun katjarijos ing ngadjeng jèn lantip

94