Menyang kontèn

Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/85

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Sangkan inggih tumunten anggendjrit mantuk, sumelang manawi kados déné bebasan: gegujon dadi tangisan.

 Wantji djam pitu sonten dalemipun Radèn Tumenggung Gadjah Alit sampun sinumedan dilah akentjar-kentjar, Kjai Bupati lenggah ing panḍapi, kaadep para santana dalah abdinipun. Pun Matram, abdi kekasih matur, njarijosaken watangan sonten punika wau, Radèn Sangkan dados gumunan, malah Sang Prabu ngantos ndangu. Tumenggung Gadjah alit sanget lega ing galih, ndangu punapa putranipun dèrèng ḍateng? Matram mangsuli sampun, saweg wédangan wonten ing tengganipun. Boten dangu Radèn Sangkan inggih ladjeng ngaḍep, pasemonipun adjeg, kados mentas boten wonten lelampahan punapa-punapa.

 Sareng sampun ing saantawis, Kjai Tumenggung ngandika: „Tolé, Sangkan, kaja-kaja wis tjukup anggonmu marsudi kasantikan lan kawidjajan; iki mau wartané Kangdjeng Sunan andangokaké kowé, ora suwé mesti kowé kaabdèkaké. Nanging karepku: adja ḍisik, tolé! Sumurupa, kabèh sing koparsudi iku lagi ngèlmu lair, mungguh ing kabatinan durung sapiraa kawruhmu, mulané pamikirku, iku udinen ḍisik supaja kowé mangertia apa karepé ngaurip, bisaa kadunungan alusing bebudèn, ngèmperi sipating Pangéran, maha welas lan maha asih, wekasan kowé bakal ora kéwran marang patrap agal alus, ing kono kowé lagi tetep kamanungsanmu”.

 „Nuwun Rama, kaluhuran sanget dawuhipun rama, pantjèn kula pijambak rumaos taksih tlonḍo. Anggèn kula marsudi dateng kasanto-saning badan, pangèstunipun rama kula saged langkung saking kantja-kantja barakan kula, ngantos kula saged ngeluk tosan gligèn, ingkang mestinipun kedah dipun tandangi tijang langkung saking sedasa. Nanging menawi pinudju mekaten, manah kula ladjeng asring kesupèn, njepèlèkaken dateng sesami, gaḍah patrap ingkang angéwak-éwakaken. Sampuna kula kerep tampi paring pepèngetipun rama, amesti kula keladjeng dados tijang remen gegendungan, remen kibir lan tekabur”.

 „Ija mengkono, ṭolé. Satemené akèh wong sing ora ngélingi, jèn kawula iku asipat lali lan apes.”

 „Samangké saking pundi saged kula kadunungan luhuring budi, miwah sutji ing manah, boten sanès kedjawi namung andjagèkaken paring piwulangipun rama. Rinten dalu boten sah anggèn kula anjenjadong lumunturing sihipun rama.”

 „Ora mangkono, ṭolé, wong tuwa kaja aku mono mung awèh wewengan lan tuduh dalan, awit anak-anakku dakkudang pada duwéa kaluwihan ngungkuli aku. Aku duwé prasanakan, manggon ing dukuh Madjalima, kaprenah ana sikiling gunung Merapi kang sisih wétan, iku wis mungkur marang kadonjan, banget anggoné ngabekti marang Pangéran, patut dadi pandam pangajomané para nonoman, Karo déně manèh, ṭolé, ngèlmu iku panggajuhé kudu sarana laku, liré: ora gampang manungsa bisa nampani kawruh pangulahing budi, manawa ora nglakoni angeningaké tjipta. Udjaring wong witjaksana: witing katarima iku saka paneda, tumaneming paneda saka hening, dadining

tyas hening saka heneng, bisané humeneng saka ngasepi. Mulané jèn dadi karepmu, kowé bakal dakpasrahaké marang saduluranku mau.

83