Mangsuli bab éwahipun basa, sarèhné namung kawatesan 30 taun, manawi kaétang munḍur, dados kirang langkung ing taun 1923. Manawi sami kapareng njatitèkaken, sumangga kula aturi mriksa karangan wedalan taun 1924, ladjeng taun 1925 saladjengipun urut-urutan ngantos dumugi taun 1953, dèrèng kraos gèsèhipun, punapa bab ḍapukaning ukara, punapa bab léléwanipun basa, taksih adjeg. Déné kala mangsa wonten ingkang boten kulina ḍateng basa Djawi, sareng gineman ladjeng nganggé tembung-tembung mantja kaslunḍingaken wonten ing ukara Djawi, terkaḍang iketanipun tjéngkok ukara mantja, wontenipun ing ukara Djawi ketingal kakèn utawi sanès ukara Djawi, punika meksa dèrèng kénging katetepaken ngrisak basa Djawi, tijang inggih kerep dipun akèni sadèrèngipun gineman, bilih tijang wau boten lebda ḍateng basa Djawi. Bab punika mangké inggih baḍé katut karembag pijambak. Déné tembung-tembung ingkang Djawinipun boten wonten, malah ladjeng langkung tjeṭa tinimbang dipun prusa kadjawèkaken. Rumijin naté wonten ada-ada baḍé andjawèkaken tembung ingkang sanès tembung Djawi, nanging ingkang pantjèn Djawinipun boten wonten, ladjeng dipun otak-atik, inggih punika: fiets (sepéda) dipun Djawèkaken: „pada jantra" inggih dados gergeran, temahanipun inggih meksa boten gesang; menang pun pit utawi sepéda. Sanadjan kala mangsa wonten ingkang ngandika, „pada jantra" sadjak namung kanggé gegudjengan ngemutaken nalika samanten.
Nalika ing taun 1923 bangsa Indonésia dèrèng lair, basanipun Indonésia inggih dèrèng wonten, lairipun basa Indonésia sareng kalijan bangsa Indonesia, kaot sakeḍik sepuh pun bangsa. Ananging suku-suku bangsa sampun wonten, sarta sadaja inggih sampun sami gaḍah basa pijambak-pijambak, nanging basa manut namining bangsanipun, kadosta: basa Sunḍa, tegesipun basa ingkang dipun anggé suku bangsa Sunḍa, basa Djawi tegesipun basa ingkang dipun anggé déning suku bangsa Djawi, makaten sapiturutipun, dados namaning basa punika manut namaning bangsa. Awit njatanipun inggih pantjèn sepuh pun bangsa tinimbang pun basa. Ing ngriki tetéla basa punika dados kaperluaning bangsa, boten walikanipun, bangsa dados kaperluaning basa.
Nalika tahun 1923 suku-suku bangsa wau taksih dados bangsa djadjahan. Soka bangsa punika dados djadjahan, tegesipun dados batur, gesangipun inggih kados gesangipun tijang dados batur, boten gaḍah adji, bebasanipun: „Adji godong djati aking". Bangsa Djawi inggih dados djadjahan, boten béda kados bangsa-bangsa sanèsipun. Anggènipun dados batur punika boten namung bangsanipun, ananging dalah kabudajanipun pisan katut boten gadah adji; sarèhné basa punika inggih nama kabudajan, amila inggih ladjeng tanpa adji. Ingkang boten ngadjèni punika sanès bangsa ingkang gaḍah basa, ananging bangsa ingkang ndjadjah, déné ingkang sinungga-sungga punika kabudajan sarta basanipun kaum pandjadjah.
Ing ngriku bangsa-bangsa ingkang dipun djadjah ladjeng ojak-ojakan sami njinau basanipun kaum pandjadjah, sabab kadjawi angsal berkah pangadji-adji inggih nggampilaken angsalipun pandamelan, dados gegandéngan kalijan ekonomi (sanḍang teḍa), amila pangojakipun ḍateng basanipun madjikan anḍerpati, amargi dasaripun ngojak
PEṬIKAN MANTJA WARNA
33