Jèn makaten njinau keahlian barang kina ageng sanget paédahipun amargi kénging kanggé nglatjak gesangipun masarakat kina, ladjeng saged kanggé mewahi tjeṭanipun serat-serat babad utawi babading bangsa. Makaten ugi para ahli basa kina, Kawi sasaminipun, inggih ageng sanget pigunanipun, amargi saged maos serat-serat tetilaranipun tijang-tijang kina, ladjeng saged sumerep lelampahan utawi kawruh- kawruh kina ingkang dipun simpen wonten ing seratan. Wasana inggih saged mewahi tjeṭaning babad kasusastranipun.
Basa ingkang sampun boten dipun anggé gineman, ngarang-ngarang, njenjateti, kintun-kinintun serat, punika kawastanan basa pedjah, sampun boten éwah malih, tetep kados wontenipun ing seratan kémawon, dradjadipun kados museum, dados pasimpenanipun kawruh-kawruh kina, babad tata tjara masarakat ingkang sampun kapengker, amila sinten ingkang baḍé ngawuningani punapa ingkang dipun simpen ing serat wau, kedah saged ambikak, inggih punika sarana njinau ḍateng basanipun, makaten punika ingkang minangka kuntjinipun. Sanadjan boten kaṭah tjatjahipun para ingkang njinau jektos ḍateng basa kina, ananging wonten ingkang ngantos bontos, saged ngawuningani isi suraosing seratan-seratan kina pedjah, amargi inggih punika wau, sampun boten dipun pigunakaken déning umum.
Déné basa Djawi kados samangké punika nama basa gesang, sabab taksih sami dipun anggé gineman, pradjandjian, tetakèn, ngarang-ngarang, tetembangan, ngrumpaka sasaminipun; saged njampeti polahing gagasanipun masarakat, malah boten ngemungaken dipun anggé gineman tijang sami tijang kémawon, malah nglandjak dumugi dipun anggé ḍateng para lelembat, para roch, danjang, peri perajangan, déwa-déwa, nenuwun ḍateng Pangéran, inggih mawi basa ingkang gesang.
Basa gesang punika watakipun tansah éwah, amargi kanggé ngruntutaken lampahing raos lan pikir, soka raos lan pikir saja madjeng, saja minḍak pinter, saja sugih kabudajan, basanipun ngetutaken. Inggih anggenipun saged ngetutaken sapari-polahing raos lan pikir punika ingkang nama mingsat-mingset ébah-éwah.
Ebah-éwah salebetipun 30 taun, punika ing ngatasipun kamadjenganing bangsa prasasat. adjeg, dados dèrèng ketawis. Manawi nitik sawangan ing Djawi, gagraging sanḍang panganggé, wewangunan tjakriking grija dalah prabot-prabotipun, béḍanipun sampun katah sanget, kawontenan makaten wau sampun madjeng, srawunganipun bebrajan sampun sanès, sadaja wau inggih sampun temtu andajani ḍateng basanipun, ananging ingkang kedajan punika saweg ing djawi kémawon, ladjeripun dèrèng punapa-punapa.
Sampun temtu kebandjiran tembung-tembung mantja ingkang awudjud tembung aran, tembung krija lss. Wonten ing basa Djawi ladjeng dipun anggé makaten kémawon, terkaḍang inggih dipun rimbag-tjara paramasastra Djawi; jèn namung makaten kémawon dèrèng nama ngéwahaken ḍasaring basa Djawi, malah minḍak terang ingatasipun tijang ingkang ngertos ḍateng tembung mantja wau. Mangké manawi sampun dumugi ngrembag bab risaking basa, baḍé kulu djèrèng sawatawis.
32