- Pasar agung, nèng kiwa tengen delanggung, wong lésan sendjata, miwah wong lésan djemparing, sawétané gumeder kalangan gemak.
- Selur anglur, wong tetegar ngalor ngidul, ngulon miwah ngétan, pepinggiring wana wukir, gemah ardja sarinė kaḍi nagara.
- Sri gumuruh, wong ngadu sawung lan pujuh, dupi amijarsa, lamun ana tamu prapti, para mantri gita bubar samja séba.
- Apepajung, andulur asri dinulu, djadjar apepantan, wong Bali mantri pinilih, ting salemplah uḍeng gilig ana djangkang.
- Langkung ngungun, Arjéndranata amuwus: „Adi Widjil paran, terah Mataram punika, saenggoné teka linulutan djalma!"
(Babad Gijanti)
Kebener anggonku sekolah ana ing ngomah wetara oleh sataun utawa rong taun kangmas sowan rama manèh karo ambekta seraté Kangdjeng marang rama. Surasané, jèn kangmas Surana duwé panjuwun marang rama arep nganti aku ana ing Madijun, pamunḍuté kangdjeng: „rama keparenga". Rawuhé kangmas iku mau ija ngagem kabesaran. Déné bab surasané lajang mau klakon kabèh. Rama kepareng, embok bandjur tata-tata sanḍnganku kang arep dakgawa menjang Madijun. Sakuwaté embok, ija aran tjukup. Nanging sapangkaté awakku dadi putrané rama, sarta bakal ana ing kabupatèn, isih durung padja-padja madjad.
Kamas rawuhé ing Madijun ndjudjug ing dalemé bapakné kakang Kramaprawira, amarga gerah. Bareng wus sawetara dina kamas bandjur bali sowan menjang kabupatèn, aku ingandikakaké ndèrèk. Sowané bengi. Aku diḍawuhi ngaton ing paḍangan, Nuli kangdjeng ngandika: „Isih tjilik!" Umurku nalika semana watara telulas taun; awakku bunḍer lemu, ḍapurku kusi, wetengku geḍi. Kangdjeng wanguné kagungan penggalih mengkéné: „Wong botjah rupané mengkono baé teka banget-banget temen olèhé andjaluk!"
Ing Kabupatèn mau wajahé ḍahar djam rolas bengi. Aku oleh sega tjaḍong sepiring, lawuhé rada tjukup dak-pangan, nanging ija enik-enikan. Mengkono kuwi nganti sawetara lawas, nanging wudjudé pangan kang dadi tjadongku sangsaja suda-suda. Wekasan dadi pada karo tjaḍongé panakawan sing asor, mung katjèk setitik. Esuk, jèn aku duwé ḍuwit, djadjan. Jèn ora duwé ija uwis.
Ḍaharé kangdjeng jèn ésuk roti, ora nglorod marang aku. Kangmas oléh lorodan setitik. Iku diḍahar tjok ana luwihané setitik, bisa tekan ing aku. Awan, daharé djam 2.—. Tibané menjang aku setengah telu, djam telu, utawa luwih. Bengi ḍaharé djam 12.—, tibané menjang aku djam sidji utawa setengah loro. Aku krasa kedjangkring, awakku kuru banget, paḍa karo nalikané ana ing Magetan. Kangdjeng wanguné nggraita. Bareng bajaran, ḍuwit bajaran sakanḍi ḟ 1000,— (séwu rupijah) isih wutuh disanḍing, nuli ngandika: „Aku jèn meng-
15