nawi ing ngriku salebetipun setaun wonten djawah kaping tiga, punika tetijangipun siti katjarijos sampun rumaos manggih begdja.
Ngladjengaken tjarijos kula bab lelangening langit, bebasan nginanga durung abang, warni-warnining ules ing ngakasa sampun mèh malih santun rupi malih, sauruting kéblat kilèn samangké malérah abrit kados kasulakan soroting giri dahana, namung kaot déné petjahing sorot botèn saking antjer setunggal, nanging taksih satata sap-sapan kados ingkang katjarijos ing nginggil, sap-sapan wau saja minggah- minggah, saking ules sepuh, saking sekeḍik rumamjang saja enèm, wiwit abrit ingkang kados ludira mateng, minggah-minggah kandeling abrit saja tipis, ngantos salin malik dados djené, sekawit djené kados prada binabar, dangu-dangu dados djené maja-maja, ingkang dumugi tengah-tengahing madyantara tumunten tumempur dateng ules biru ing ngakasa, ingkang ambalabar mangelèbi saindenging kéblat purwa, untara lan ḍuksina. Dèrèng tuwuk anggèn kula njawang lelangening pratjima, warni-warnining ules sampun malih rupi malih, ules ingkang wonten nganḍap pijambak abritipun saja sepuh, mèh andungkap ḍateng ketel, tjatjahing sap-sapan saja suda katahipun ules djené sepuh, djené sepuh wekasan tumempur ḍateng biru, ingkang saja sepuh saja meles, andadosaken sakelangkung murub soroting kartika, ingkang sami djumeḍul barubulan paṭing karelip, paṭing galebjar, pinḍa sesotya nawaretna ingkang dinasaran ing radjawerdi. Ing ngriku sepening pasawangan taksih kawimbuhan wudjuding wulan tumanggal ingkang sampun ngajom mangilèn, sorotipun gumilang-gilang sumuluh wening, dalah bagéan salebeting wengku bunderaning tjandra ingkang dèrèng saged ambutjal sorot punika ugi sampun ketingal sumilak wening. Déné ingkang damel sanget astjarjaning manah kula, déné teka sanès temen soroting tanggal punika katimbang kalijan ingkang sabenipun kula sumerepi ing tanah kalairan kula. Punapa ta menggah darunanipun, déné senening sunaripun teka saged ambabar sulak wening ingkang semanten wenesipun? Punapa kaéndahan punika ugi taksih gegajutan kalijan wahananing daja bentèr ing samodra pasir?
Wonten malih ingkang anambahi asrining pasawangan, inggih punika dilahing menara ingkang ketingal gebjar-gebjar wonten sukuning ardi, ingkang nglodjok tebih ḍateng tengahing tasik, dilah wau menawi kaèmper-èmper, ketingal kados nétraning djanma ingkang merem melik, amargi mungguling reḍi, ngongkangipun ḍateng seganten, kaleresan mèmper sanget kalijan sesipatan mukaning djanma, ingkang miring tumenga ing ngakasa. Urubing dilah, bjar sumorot peṭak ngantos sawetawis dangu, ladjeng pet sekedap bjar malih, samangké santun sorot abrit, mekaten saladjengipun, pinḍa djanma ingkang arip, saben lajap- lajap tansah kegugah déning kagèting swabawa. Soroting dilah wau saja dangu saja ngelam-elamaken, menawi nudju sumorot peṭak, sorot ipun mantun kados peṭaking lintang karainan, nanging sumuluh sulak idjem maja-maja, déné ménawi nudju somorot abrit mantun kados, abritipun nétraning angga rapuh, nanging ngantos kados abriting sengkelat, saja tjelak kalijan pernah panggénaning menara, selot ageng ketingalipun urubing dilah, menawi pinudju sumorot peṭak, pantjorong ing sorotipun kados suluhing pandjer raina ing wantji sawung kluruk kaping tiga. Menawi nudju sumorot abrit, tjermomong sunaripun angga-160