Menyang kontèn

Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/161

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

 Saja mangalèr saking sipat garis kenḍiting djagat, rainanipun saja dangu, djam gangsal éndjing sampun padjar, andungkap djam pitu sonten srengéngé saweg surup; kedjawi punika saja tjelak kalijan laladan tanah Mesir (Egypte), saja saé sulak-sulaking langit ing wantji sonten, ing wektu angsluping srengéngé ḍateng kéblat kilèn ingkang awit saking bentèring seganten weḍi ing buwana Afrikah, ingkang prenahipun kaleres wonten sakilènipun negari Mesir, kados gaḍah daja ingkang saged anuwuhaken ules warni-warni ḍateng saja wijaring langit ing prenah suruping Hjang Pratangga-pati.

 Kirang lampahan sedinten dumugi ing laladan Mesir, ulesing ngawijat ing kéblat kilèn, ing wektu baḍé angsluping Hjang Bagaskara ḍateng imbanging pratjima, sakelangkung déning éndah. Wiwit Hjang Aruna gumléwang ḍateng kikising wijati ing leres prenahipun seganten wedi ingkang karan Saharah, langit sekéblat kilèn ketingal sumeblak ules djené, sumunar kados kentjana sinangling; sasuruping Hjang Arka sunar pita wau saking sekeḍik ladjeng malih santun warni rekta, sumilak malérah kados wahananing sorot pawaka, ingkang murub makantar-kantar, nedya njunḍul luhuring nganta-riksa. Boten antawis dangu bebasan sakeḍap nétra, ulesing kéblat kilèn wau sampun santun warni, saindenging pratjima kados djinèrèngan ing tjahja sapsapan tunda-tunda, sap ingkang nganḍap pijambak ulesipun abrit sawo mateng, minggah sekeḍik dados papasan mateng, minggah malih abrit delima, ladjeng djingga, djambon, njanḍak kapuranta, minggah malih saking sekedik ladjeng malih djené sepuh ngunir bosok, minggah-minggah saja tipis ngantos dados djené enèm, andjanur kuning wusana dumugi tengah-tengahing madyantara ladjeng dados biru enèm tjarub wor kalijan ules biru ing akasa. Saking djuḍeg kula, ngupados tembung boten saged angsal, sontan-santuning ules ing ngawijat wau kula tembungaken sap-sapan, saleresipun pantjèn kedah boten kénging katembungaken mekaten, amargi malikipun setunggil-tunggiling ules ḍateng ules sanès, boten njeklèk, nanging saking sekeḍik, dados tjarubing ules wau prasasat mili tetempuran, mila menawi katembungaken sap-sapan, tunḍa sungsun, utawi tumpuk-tumpuk, leresipun inggih boten kénging, djer pilah-pilahing ules pantjèn boten kénging kawates-wates. Warni-warnining ules wau, rupinipun boten kados padatan ingkang sampun kula sumerepi, sedaja sunaripun gumilang-gilang, kimpling-kimpling kados beninging toja, mila inggih kula tembungaken tjahja; menggah lelangening langit ing tanah Djawi ingkang saged damel astjarjaning manah, punika ulesing ima ingkang kénging gebaging sorot diwangkara ing wektu bangun raina utawi surup surja. Déné ingkang kula ingkang kapulas mantja warni déning dajaning hawa, wahananing sumerepi samangké punika, sanès ulesing ima, nanging ulesing akasa, sumupipun bentering samodra pasir, mila lerés kémawon kula rumaos katembèn sumerep sesawangan punika.

 Sadanguning lelampah wonten ing samodra Rekta, wiwit éndjing dumugi sedinten muput, ngantos penḍak éndjing malih, kedjawi ing ngakasa boten wonten méga ketingal, langkung malih menḍung babar pisan boten wonten,mila tanah sakiwa tengening samodra ing ngriku sitinipun inggih sakelangkung tjengkar, déning sepening warsa. Me-

159