seming manah. Prenah ing nganḍap tjaket ketingal dalem Karésidénan, salebeting pakarangan kebak patamanan isi taneman mantjawarni, ketingal asri sanget, sesekaranipun wonten ingkang rumambat ing andjang-andjang, wonten ingkang namung djinembangan, sawenèh nlosor rumambat ing siti, satengahing patamanan wonten sélanipun awarni sirah gadjah, tlalénipun medal tojanipun muntjrat-muntjrat, awit saking wontenipun wewarnèn wau, ing ngriku ladjeng karan kampung Batu Gadjah. Utah-utahaning toja ladjeng pinara-para kinalèn ameradini taman, saha ladjeng andjog ḍateng kalénan ingkang mraḍini kiṭa, ilinipun pating srèwèh tanpa kenḍat.
Katjarijos ing reḍi wau kala rumijin kerep kagem lelangen Sinuhun Ambangun Tapa, jèn pinudju kasekelan ing panggalih, wonten ing ngriku ladjeng saged pentèr. Kados leres menawi ing ngriku dados padununganing kasengseman, amargi kawontenanipun saged damel senenging manah. Ningali mangalèr ketingal grija-grija tarik-tarik manggèn wonten ing pasitèn waradin, grijanipun salong sumamar kaling-kalingan gegoḍonganing kekadjengan, ing sisih kilèn ketingal lumahing seganten, tojanipun alémbak-lémbak, kapal ingkang sami labuh ketingal mèpèt ing ḍaratan, kukusipun kumelun kados semu sajah lampahipun.
(Késah lajaran ḍateng pulo Papuwah)
Sareng Bagus Burham anggenipun wonten ing Panaraga anḍunkap kalih wulan laminipun, kalijan para kantjanipun sampun sami punḍuh sedaja, malah wonten ingkang supeket kados seḍèrèk tunggil jajah réna. Salebetipun sawulan dumugi kalih wulan wau saben éndjing sonten boten naté kèndel anggenipun sinau, nanging sedaja ingkang sampun dipun wulangaken, boten wonten ingkang ketjantèl sakeḍik-keḍika, paribasan saben ngadeg sampun kesupèn, ngantos andadosaken kakening manahipun ingkang mulang.
Sabibaring ngadji ing wantji éndjing, para kantjanipun sami dipun adjak ḍateng lèpèn ngupados ulam, menawi lèpenipun nudju alit, pangupadosipun ulam ngantos keplantrang-plantrang sedinten muput saweg mantuk. Sadumuginipun ing ponḍokan ulamipun ladjeng kaolah, menawi sekinten kantun anggenipun ngadji kantjanipun ingkang sami ngadji sami dipun weling kapurih mamitaken sengadi sakit baḍanipun. Menawi kangdjeng kjai nudju ndjenengi mulang inggih asring utusan ndangu punapa ingkang dipun sakitaken. Menggah pandangunipun kangdjeng kjai ḍateng Bagus Burham wau, temenipun namung kagem tata krami kémawon, awit satemenipun sampun wuninga bilih Bagus Burham punika boten madjeng ḍateng ngadji, ingkang dipun senengi kesenengan ingkang mawi wragad mbeborosi; senadyan ing batos pantjèn boten rena ḍateng sedaja ingkang dipun lampahi Bagus Burham, saupami boten ngèngeti ḍateng ingkang embah, ingkang sampun seḍèrèk tunggil guru kalijan kangdjeng kjai, saged ugi dipun
152