Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/152

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

takèn kawontenanipun ing tanah Djawi; kula inggih ladjeng njarijosaken, wusana kula ladjeng njipeng wonten ing ngriku.

Endjingipun kula sowan ḍateng pasaréan dalem Sinuhun Ambangun Tapa, dipun irid para ingkang sami rumeksa. Papaning pasaréan punika manggèn wonten ing salebeting pakarangan wau, wewengkoning pasaréan kinubeng ing témbok, kontenipun dumunung wonten ing sisih wétan madjeng ngalèr, sawétaning konten wonten srambinipun, sadjawi tuwin salebeting tjapuri pasaréan dipun tanemi wit pala, wohipun mbijet kados sempal-sempala, godongipun idjem ketel ngajomi sangandapipun, bebasan ngantos boten ketingal bentèring srengéngé. Ing salebeting tjapuri ngriku anḍèr isi pakuburanipun para sentana ingkang rumijin sami ndèrèk Sinuhun wonten ing Ambon. Sisih lèr sekedik sampun pantog kamaring pasaréan dalem, kinubeng ing témbok apajon sèng, ing empèr sangadjenging kamar wonten kuburanipun amergil, inggih punika kuburanipun Radèn Ngabèi Tjakradipura, kekasihipun ingkang Sinuhun.

Kula kèndel wonten ing èmpèr ngriku, sesampunipun kontening pasaréan kabikak, kula ladjeng mlebet. Ingkang sumaré ing ngriku namung ingkang Sinuhun sekalijan Kangdjeng Ratu. Wijaring kamar boten sapintena, pasaréanipun namung dipun témbok kémawon, dados sanès sekaran séla tuwin sanès-sanèsipun; ing nginggil mawi kalowahan ketingal siti kémawon, tuwin wonten isinipun awarni kuwukan, ḍamar, dupa, punapa déné wonten tabeting sekar tjampur bawur, Saantawising sampéjan dalem (sikil) sakalijan pinasangan songsong gilap mingkub, pamasangipun ḍanḍanging songsong tumantjep mestèr sampun dipun lepa. Wonten ing ngriku kraos manah kula, angèngeti ratu kula déné sumaré wonten ing ngriku. Sareng anggèn kula sowan sampun sawetawis dangu ladjeng medal, sadumugining djawi kèndel linggihan wonten sangandaping wit pala, wohipun ingkang sampun sepuh sami mletèk, isininipun sami ḍawah ing siti mblabar, warninipun abrit sepuh, inggih punika warninipun sekar buntel ing nglebet, limrahipun ing ngriku dipun wastani kembang pala. Sesampunipun kèndel sawetawis ladjeng medal saking tjepurining pasaréan. Sadjawining pasaréan ngriku awarni patamanan, tinaneman sesekaran, klapa géndjah, djambé pol, tuwin sanès-sanèsipun. Kula ladjeng mlampah angubengi tengening pasaréan, sakilèn pasaréan tjaket wonten marginipun alit, andjog ḍateng lèpèn. Salebeting pakarangan ajom sanget, sumuripun tjetek-tjetèk, menawi mendet toja namung dipun tjiḍuk kemawon. Sawingkingipun pakarangan wau wonten lèpènipun, tojanipun bening tur tjetek, sélanipun pating djenggeleg tur ageng-ageng, tetijang ingkang sami adus tjekap namung aling-alingan séla kémawon sampun pinḍa akekelir, sapinggiring lèpèn ngriku katah tijang ingkang gegrija, wonten masdjidipun alit angongkang lèpèn. Ingkang sami gegrija ing ngriku punika katah ingkang sami turunan tetijang Djawi, amargi rumijin ing ngriku dados pakampunganipun para abdinipun ingkang Sinuhun Ambangun-Tapa. Sesampunipun sawetawis dangu kula ladjeng wangsul dateng tjepurining pasaréan malih, saha ladjeng kèndel ing srambi satjelaking pasaréan, wonten ing ngriku sami kèndel sarapan.

Sareng sampun ragi sijang kula dolan ḍateng ing Batu Gantung,

150