Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/151

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Tan, paé Méru gengira, malongo lir guwa granané kalih, napas metu ngenguruwung, nguweng-uweng ampuhan, rodra kérid niro nirad buta pengung, engung-engung aliweran, wreksa rug rebah kabalik.
  2. Kang sijung kadi sijungnja, duk Batara Kala anggaru bumi, gumilap kilat maleḍug, tinon saking mandrawa, sinḍung riwut graning gunung ngunḍung-undung, sinanḍang ḍangḍang wurahan, umung rubung manamberi.
  3. Prapta méga kang marbabang, wor andaru runtuh wor wira-wiri, udan rudira wor usus, kumeḍut mukanira, kekeḍuten bau gendjot keḍut-keḍut, pratanḍa baḍé soring prang, akèh daladjat kaèksi.
  4. Upatarja Kumbakarna, ḍatan gigrig tyasira ambek pati, sangsajardanira ndarus, darpa ḍres sudarsana, tyas amengku tetulaḍan rèh pinundjul, liring satrija utama, mati angadoni djurit.
  5. Nanggulang pradja Ngalengka, praptèng djawi kita sang Arjandjrihi, peṭak gora guntur ketug. Kagjat bala wanara, kang wreksa puh punggel papal kabarubun, horeg wré arebut papan, kumrutug pareng ngebjuki.
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 

(Serat Rama)


XXXII. BATU GADJAH LAN BATU GANTUNG

Batu Gadjah punika pakampungan ingkang kadaleman pangageng negari, inggih punika resiḍèn, tuwin padalemanipun para prajagung Djawi ingkang sami kakénḍangaken mriku. Padalemanipun adjèdjèr-djèdjèr sami ageng-ageng, tuwin ing ngriku tilas keḍatonipun Sampéjan dalem Sinuhun Kangjeng Susuhunan Paku-Buwana ingkang kaping VI (Ambangun Tapa).

Sasurut dalem ugi. sumaré wonten ing ngriku. Kula ugi langkung sangadjeng pedaleman wau, lampah kula ladjeng dateng pelabuhan. Sakilenipun padaleman ing Batu Gadjah wau wonten sekolahanipun Welandi, tuwin ing Ambon ugi wonten sekolahan Kweekschool. Wusana lampah kula andjog ing pelabuhan.

Sadumugi kula ing kapal raosing manah dèrèng marem ngambah ing daratan, mila sareng kèndel sawetawis kula ladjeng wangsul malih. Lampah kula sareng dumugi ing kreteging pelabuhan kapeṭuk bangsa Djawi; sareng sami takèn-tinakèn, pandjenenganipun ngendika trah sinatrija ing Ngajodja, sapunika manggen wonten ing Batu Gadjah nunggil para saḍèrèk-saḍèrèk saha wonten ing Batu Gadjah wau amadjibi rumeksa pasaréanipun Ingkang Sinuhun Ambangun Tapa. Wontenipun ing Batu Gadjah sami manggèn wonten ing grija lodji pamaréntah déné para prijantun wau sami wajahipun suwargi Kangdjeng Pangran Arja Dipanegara. Kula ladjeng dipun ampiraken dateng pedalemanipun. Sadumugi kula ing Batu Gadjah dipun panggihi para sadèrèkipun; sesampunipun bagé-binagé wiludjeng ladjeng sami pi-

149