Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/144

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

guroni? Praktikelmu kang ngéwak-éwakaké iku bisa gawé tjatjadé gurunira. Sira kalawan gurunira kelebu wong papa tjintraka, ora wurung dadi isèn-isèning Jumani. Kawruhanira, sing matèni tjèlèng iku djenengingsun. Adja sira sengguh jèn iku panahira !"

Sang Parta sareng mireng panguman-umanipun baṭara Guru, kupingipun kados sinebit, ladjeng bramantya, wangsulanipun: „Hèh ki tuwaburu, disarèh, adja keladuk ing pangutjap! Mara delengen, ija ingsun iki raden Danandjaja, Panḍuputra, satrija tengahing Panḍawa. lja bener udjarira, katon ingsun nggegirisi, pepak gegaman ingsun. Sumurupa, sing ingsun tiru iki mung lelakoné resi Ramaparasu. Manawa sun pikir-pikir ora ana alané ingsun tansah sikep gegaman, djer sabaningsun ana ing alas, dadi samangsa ana bebaja ora bakal kapiran.

Sira iku banget anggonira atinggal deduga lan prajoga, anggonira nguman-uman entèk amek kurang golèk. Jèn sira, germa tjenḍala, isih demen mangan wohing dami, lah mara énggal njungkemana paḍaningsun! Manawa sira sutik njembah djenengingsun, ora wurung sira bakal lebur tanpa kukupan déning ingsun."

Kaṭah-kaṭah radèn Danandjaja anggenipun nguman-uman ingkang apinda ratu mbebedag. ḍateng.

Para déwa resi ingkang sami ngiring baṭara Guru ladjeng nepsu, énggal sami nglepasaken djemparingipun, sarwi surak pating gerijak. Ḍawahipun djemparing kados djawah, ngéngingi baḍanipun radèn Danandjaja. Pinten-pinten kaṭahing tjakra ingkang ngrotjok baḍanipun, nanging radèn Danandjaja tansah panggah, boten mundur sadjangkah, malah wewah kekendelanipun.

Radèn Danandjaja trengginas nglepasaken bajubadjra, swantenipun gumrubug anempuh para déwa resi. Sadaja sami larud, katut lampahipun angin. Namung baṭara Guru ingkang kantun andjedjer, nirbaja nirwakara, ladjeng perang tanḍing kalijan Radèn Danandjaja. Dangu anggenipun sami lepas-linepasan djemparing.

Baṭara Guru énggal nglepasaken djemparingipun ingkang nama Ardatjandra. Pesating djemparing Ardatjandra tinaḍahan kalijan djemparingipun radèn Danandjaja, temah tempuh ing ngawang-awang kados larapipun tatit. Baṭara Guru sareng sumerep djemparingipun Ardatjandra putung sangsaja sanget kroḍanipun, sampun prasasat baṭara Kala baḍé nggempur bumi.

Baṭara Guru nunten nglepasaken djemparingipun redi séla, agengipun saputjakipun redi. Radèn Danandjaja boten kalajatan, énggal matak adji, ngusap siti sarwi tumenga ing tawang. Sanalika punika ugi ing ngawang-awang ladjeng ketingal kebekan dedamel, kaṭahipun sewu, sakalangkung mingid-mingid, agengipun saputjaking menara. Ladjeng tempuh kalijan redi séla, swantenipun djumebrèt angadjrih- adjrihi, temahan ngawontenaken guntur ing satengahing paprangan.

Baṭara Guru sakalangkung kaget sumerep sirnanipun djemparing redi séla. Enggal njanḍak sendjatanipun pamungkas ingkang sampun kawentar, inggih punika djemparing latu, kala rumijin sampun naté kanggé mbesmi kita tetiga ngantos lebur tanpa kukupan. Radèn Danandjaja nunten nglepasaken djemparing kanggé mapagaken pangamukipun djemparing latu. Déné djemparingipun ngedalaken méga angenḍanu wonten satengahing paprangan. Ladjeng katempuh ing angin

142