Radèn Ardjuna ladjeng prajitna. Pangunandikanipun: „Iki baja tjèlèng apa, déné geḍéné nggegilani, nganti gawé kontraging gunung."
Sakala radèn Ardjuna sampun boten kasamaran, jèn wonten denawa wegig malih dados anḍapan. Mila énggal nganggé rukuh saha kawatja. Kala samanten sang tapa taksih tebih kalijan panggènanipun anḍapan dursila. Sanalika punika ugi ladjeng wonten prahara, swantenipun gumrubug, pinten-pinten kaṭahing wit-witan sami rebah pating sulajah.
Kotjap baṭara Guru kepéngin uninga tapanipun sang Parta, ladjeng tumurun ing martjapada, ingiring ḍateng para déwa resi. Teḍakipun baṭara Guru saking Kahjanganipun redi Kélasa pinudju ḍatengipun ditya Momongmurka awarni anḍapan. Mila baṭara Guru ladjeng minda ratu tjangkrama, mbebedag ing wana, ngetut lampahipun anḍapan.
Sang Parta sareng sumerep, ladjeng ngunandika: „Baja wis pinasti ing djawata, déné saiki saja wuwuh mungsuhku."
Sanalika ladjeng mentang langkapipun, mawas prenahipun anḍapan. Sareng anḍapan badé njander purun, énggal linepasan djemparing. Pesatipun djemparing tjumeprot ngèngingi anḍapan, sareng kalijan djemparingipun batara Guru, tumantjep dados satunggal. Sang Parta rumaos bingah ing manah, déné titis ing pamawasipun. Énggal murugi panggènanipun anḍapan sumedya ndjabud djemparingipun.
Baṭara Guru nguwuh-uwuh: „Hé ki adjar, adja guru-guru ndjabud panah! Mara waspadakna, iki rak panah ingsun, banget anggonira ora weruh ing tatakrama. Sira iku katonira kaja adjar, nganggo tjawet babakan kaju, parandéné ora sumurup marang unining sastra. Mara ngendi ana wong tapa sikep gegaman? Sapa wongé kang sira
141