Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/131

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Udjer pangrasanirèki, duwé kaḍang ala rupa, munḍak angribeti baé, dupèh wus guna prawira, déné nora piraa, samono toging budimu, muter taman nora bisa.
  2. Éman warnamu apekik, tjobak Sri Ardjunasasra, akona ingkang mangkéné, sadéla baé sun bisa, muter taman Nguntara, dèn teka lan gunungira!" Sumantri duk amijarsa.
  3. Ing wuwusé ingkang raji, rinangkul sarwi ngandika,: „Baja ta iki swargané, wong duwé sadulur lanang, jaji apuranira, srah pati urip wakingsun, pamunḍuté sri naréndra.
  4. Muter taman Sriwedari, mangsa ta bodoa sira". Sukasrana lon wuwusé: „Ija kakang adja susah, nanging djandji wakingwang, mèlu suwita ing bésuk, tan betah pisah lan sira.
  5. Pantes baé Sri Bupati, munḍut Sriwedari taman, apan wus duwèké déwé, udjer sri Ardjunasasra, panuksmaning Késawa, Hjang Wisnu duk maksihipun, kahjangan wukir Nguntara.
  6. Nggoné jasa Sriwedari, dadiné kalawan tjipta, mulané luwih asriné, lah pajo nuli sun gawa, marang wukir Nguntara, anitiha gigiringsun, lawan ngeremena nétra.
  7. Sun gawa margèng wijati, manawa saputen sira !" kang raka mituhu lingé, wus anitih gigirira, sarwi ngeremaken nétra, Sukasrana gja sumebut, kang raka binekta mesat.
  8. Mring ngawijat kadi tatit, sumijut kras iberira, sakeḍap prapta lampahé, ngungkuli wukir Nguntara, sigra nijup manganḍap, ndjudjug djroning taman santun, Sumantri ngelèkken nétra.
  9. Éram dènira ningali, srining Sriwedari taman, sarwa mas uparenggané, petètan awarna-warna, sangkep ing kembang-kembang, botrawi mas katon mantjur, gumilang kinambang toja.
  10. Sumantri lingira aris,: „Lah jaji mengko kaja pa, pamuterira rakité, taman seméné ambanja, nadjan silih mutera, mung sidji petètanipun, sajekti alum ginawa.
  11. Mring nagari Maèspati." Sukasrana wuwusira,: „Pantes jèn wong kompra baé, lamun wus paḍa utama, mangsa ndadak kéwrana, udjer ta taman puniku, dadiné kalawan tjipta.
  12. Ing mengko pamuter mami, ija sun tjipta kéwala, wis kakang saréa baé, ing kono nèng jasa kembang !" kang raka mandjing sigra, sadjroning botrawinipun, ineb lawang ḍanḍang gula.
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
PITUTURIPUN PATIH SUWANDA ḌATENG PARA NATA INGKANG KEPLADJENG ING JUDA

Sinom

  1. Kjèh miris mawur sarsaran, pradjurit ing Maèspati, takut mulat. ing Rawana, boting prang sarira agni, kadya luput ing pati, maleḍug kang para ratu, gusis sawadyanira, mjat Rawana krura sekti, lir baṭara Kala arsa ngrurah djagad.

PEṬIKAN MANTJA WARNA

129