djanma : Sang Nata langkung ngudi ngupaja mantu ingkang bagus sarta ingkang gagah prakosa, ingkang saged angentasi pakarjan pradja !"
Sampun lepas lampahipun, tumunten ngambah salebeting negari. Pangéran Mangkubumi kalijan Pangéran Singasari paréntah ḍateng para wadya pangirid lampahing baris kinèn atata, sami boten kénging kalintu ing prenahipun satunggil-satunggil, adjadjar anggangsal-gangsal awit ngadjeng dumugi wingking, boten kénging dompo lampahipun. Ingkang waos kinèn amandi sarta liniga, tansah prajitna ing pakewed. Sampun waradin wadya ḍinawuhan rempek, lampahing baris sap-sapan arampak awidjah-widjah gumulung agolong pipit, untaping baris kados séla blekiṭi, asrang aselur, busana anéka warna abra sinang, urut kadya prawata agni, sanèsipun kadya wukir sekar, sawenèh asuka bingah, bledug anempuh, kang manganggé petṭk katingal saking mandrawa kados kuntul areraton, sunaring méga-méga araras, soroting lintang ngalih pating pantjorot anggegirisi, ing akasa semu kingkin, bengingèhing turangga asri barungan awor gumredeging lampahipun baris sarta panjeluking djanma nonton, asri kawurjan dados tetingalan ing samargi-margi, istaning lampah anglir andon djajèngprang.
Kala samanten sampun dumugi ing Pamurakan, gangsa koḍok-ngorèk mungel ramé, punapa malih ungeling gamelan saurut tepining alun-alun langkung umjung anglir kapireng ing langit, bedugipun tinitir, swara umjang gumuruh, kados redi gugur katerak ing pantjawora tarik. Kjai Ageng Mangir sakelangkung suka bingahing manah, Tumenggung Wiraguna énggal ameṭuk, alon arum ing aturipun:
„Duh, anak Ki Ageng Mangir, enggèr, paduka baḍé arsa malebet ing kadaton saos sembah pangabekti anguswa padaning marasepuh, ḍasar naréndra agung ing nuswa Djawi. Kula ngaturi pamrajogi ingkang kalampahan pranatan karaton Padjang dumugi Mataram, bilih wonten para luhur baḍé sowan ing nata, kedah anilar upatjaranipun. Mila atur kula, anggèr, sakaṭahing upatjara katilara wonten ing djawi."
Kjai Ageng Mangir anuruti, Pangéran sekawan wonten ing pantjaniti saos wuninga ing Sri Naréndra, bilih Kjai Ageng Mangir sampun ḍateng wonten ing Pamurakan, angentosi ḍawuh timbalan dalem sang Prabu.
Sang Pamasé angandika: „Hèh, botjah anggandèk, timbalana putraningsun Sang Dyah Retna lan lakiné si Djebèng Mangir, ḍawuhana énggal bandjur malebu marang kaḍaton katemu marang ingsun, adja kesuwèn ana ing djaba." Angganḍèk munḍur saking ngarsa nata, gurawalan lampahipun sampun dumugi ing Pamurakan nḍawuhaken timbalan dalem sang Nata :
„Kjai Ageng Mangir, pakenira ingandikan Sri Pamasé kalijan sang Dyah Retna, awit kaarsa-arsa wonten salabeting datulaja, sang Maha Prabu langkung onèng ḍumateng sang Dyah Retna, saha kasesa baḍé wuninga ḍateng pakenira Kjai Ageng, karana Gusti Sang Pamasé
8