Pak Kodjur tjelaṭu:,,Keprijé ta kang Kabul, aku mau ngentèni kowé ana ing pasar, kowé ora ana katon."
Kabul mangsuli:,,Beburuh menjang pasar aku wis ora kena. Sang Nata dawuh ora kepareng wong lija beburuh mrono, ngemungna abdi-abdiné baé sing pada dadi punggawa pasar."
Pak Kodjur tjelaṭu:,,Kok sija temen ta Sang Nata kuwi. Wong njambut gawé déwé-2 dilarangi."
Kabul njelani:,,Adja ngala-ala sang Nata, kersané betjik, kowé sing ora ngreti."
Pak Kodjur tjelaṭu:,,La iki panganan saka ngendi?"
Pak Kabul mangsuli:,,Saiki aku beburuh mèlu tukang mutih abdiné Sang Nata. Olèhé ngumbahi diburuhaké menjang aku kabèh."
Pak Kodjur tjelaṭu:,,Mbok aku tak mèlu kowé. Sésuk semajan ana ngendi?"
Kabul mangsuli:,,Njegata ana ngarep omahé tukang mutih baé.'
Pak Kodjur pamit mulih. Kabul mapan turu. Ésuké turahané panganan didum-dumaké menjang tangga-tanggané.
Sang Nata nimbali sarupané abdi djuru mutih karo nggawa barang-2 kabèh kang lagi digarap. Bareng wis paḍa sowan, sang Nata ngendika karo mirsani agem-agemané saka sidji:,,lki kok pada tatu pating tjromplong, mesti kowé nganggo buruh wong anjar. Wiwit dina iki ora kena wong djaba beburuh ngumbahi, ngemungna abdi-abdiku baé."
Ésuké Pak Kabul teka ing omahé djuru mutih, nanging bareng dikandani jèn ora kalilan déning Sang Nata, pak Kabul bandjur mulih. Tekan ing omah mikir-mikir:,,Betjiké saiki aku taklumebu dadi pradjurit baé, éntuk bajar sasèn tur éntuk empingan blandja sesasi."
Pak Kabul bandjur nemoni sénapati, takon apa kena mlebu dadi pradjurit. Sénapati weruh jèn pak Kabul gedé duwur, pendjaluké dituruti. Kabul diwènèhi peḍang sidji karo empingan blandja sesasi salawé rupijah. Sawisé nampani empingan blandja mau pak Kabul menjang pasar, duwit salawé rupijah ditukokaké panganan kabèh. Saksèn baé ora ngèngèh-2. Pantjèn wataké pak Kabul mengkono kuwi. Anggepé angger ana dina ja ana sega. Tembung mengkono iku ija sok tjotjog anggeré ora pilih-2 penggawéan. Nanging kèh-kèhané menungsa ora mengkono. Jèn wis ora olèh penggawéan sing95