Menyang kontèn

Kaca:Patjitan (Djilid I).pdf/95

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Bareng pak Kodjur mlebu, bandjur didjak mangan. Lebar mangan nuli ngunèkaké tjlempung karo menjanji.

Tjelaṭuné pak Kodjur:,,Kowé mau tak-entèni ana ing sekètèng nganti awan kok ora ana liwat. Menjang endi kowé mau?"

Kabul mangsuli:,,Mau ésuk aku ora negor kaju. Saiki ana ḍawuh saka Sang Nata, ora kepareng wong ndjupuk kaju ing alas."

Pak Kodjur tjalatu.,,Nèk ngono Sang Nata kuwi rak ambek sija banget. Wong golèk pangupadjiwa kok dilarangi. Dupèh wis mukti wibawa baé bandjur ora kagungan tepa slira. Kuwi prasasat matèni panguripané wong-2."

Pak Kabul tjelaṭu:,,Adja mengkono kisanak. Sang Nata ambek adil paramarta. Mulané wong-2 dilarangi ndjupuk kaju ing alas, marga Sang Nata arep jasa bètèng, kaju saka ing alas arep dianggo gawé bètèng. Bètèng kanggo ndjaga negara. Jèn negara sentosa, mesţi ora bisa ketekan ing mungsuh. Jèn negara aman, apa aku kowé iki ora ngrasakaké seneng? Rak prasasat aku kowé iki direksa ing Sang Nata!"

Pak Kodjur tjalaṭu:,,Kok ja bener kanḍamu kuwi! Lah iki panganan saka ngendi?"

Pak Kabul tjelaṭu:,,Gusti Allah sipat murah. Golèk kaju wis ora kena, dadi wadungku wis ora ana gunané manèh. Kuwi tak-edol, duwité taktukokaké panganan. Ajo ta paḍa disambi kono, miliha sasenengmu!"

Pak Kodjur takon:,,Lah sésuk apa sing kokpangan?"

Pak Kabul tjelatu:,,Gusti Allah sipat murah, angger ana dina ja ana sega, adja kuwatir, sésuk gampang, saiki seneng-2. Wong njambutgawé ija sagawé-gawéné; angger gelem mesti ana penggawéan."

Bareng wis tengah wengi pak Kodjur pamit mulih. Pak Kabul mapan turu. Ésuké turahané panganan didum-dumaké marang tangga-tanggané. Pak Kodjur menjang pasar golèk buruhan. Ana sudagar sarung, dagangané pirang-2 buntel. Pak Kabul nembung, apa kena nggawakaké buntelan mau. Sudagar takon:,,Saben sabuntel kowé ndjaluk pira?"

Pak Kabul mangsuli:,,Njuwun tigang uwang. Saangkatan kula kuwawi kawan burtel."

Pak Kabul bandjur dikon ngusungi buntelan sarung, dadi rong ambalan, saangkatan patang buntel. Bareng wis rampung, nuli diopahi

93