Kang duwé omah tjelaṭu:,,Lah kuwi ana panganan ing médja rada akèh. Miliha apa sasenengé atimu.'
Sang Nata bandjur mundut panganan ing médja, réwa-2 dahar karo ngendika:,,Kowé kuwi sapa sarta apa penggawéan mu?"
Kang duwé omah mangsuli:,,Djenengku Pak Kabul; selawasku urip durung tau aku ngemis kaja kowé mengkono. Panguripanku golèk kaju menjang ing alas, wit-witan ing alas kagungané Allah."
Pak Kodjur tjelaṭu:,,Mbok aku mèlu buruh negor kaju menjang alas."
Wangsulané Pak Kabul:,,lja ta betjik, nanging kowé goléka silihan wadung disik. Sésuk semajan ana ing sekètèng saloré negara, nuli pada bebarengan menjang alas."
Pak Kodjur nuli pamitan mulih. Ésuké ing wajah bjar Sang Nata dawuh marang para sénapati:,,Hèh para sénapatiku kabèh, pada dawuhna, ing sadjroning patang dina ora kena wong negor kaju ing alas. Jèn ana wong kang nékad, gebugana sarta rampasen wadungé."
Pak Kabul bareng tangi ing wajah ésuk, turahané panganan didum-dumaké marang tanggané; kaja mengkono iku adjeg ing saben ésuk, mulané tanggané ora ana kang pada gelem njambutgawé utawa tuku panganan. Pak Kabul mangkat menjang alas nggawa wadung. Ana ing sekètèng dienḍeg karo sénapati utusané Sang Nata. Tjelaṭuné sénapati:,,É, kang, arep ngapa kowé?"
Wangsulané pak Kabul:,,Badé negor kadjeng dateng wana."
Sénapati tjelaṭu manèh:,,Dawuhé Sang Nata ora kepareng wong negor kaju ing alas."
Pak Kabul tjelaṭu:,,Sampéjan sampun ngalang-alangi anggèn kula njambut damel. Punika sampun sijang, lo!"
Sénapati tjelaṭu manèh:,,Adja mbangkang dawuhing ratu, kowé!"
Pak Kabul digebugi, nuli mlaju. Lakuné tekan ing pasar. Ana, ing kono mikir-2 seḍéla, wadungé didol paju setengah rupijah. Duwité ditukokaké panganan kabèh. Pak Kabul nuli mulih; sawisé sesutji, mangan panganan sawatara bandjur menjanji kambi ngunèkaké tjlempungé. Bareng wis wengi pekir Kodjur mrono manèh. Ngindjen saka ing bolonganing lawang, weruh jèn pak Kabul ngedep panganan, ing batin gumun kok isih bisa tuku panganan. Pak Kodjur tjeluk-2 saka ing djaba. Pak Kabul njauri:,,Mlebua baé, kuwi rak pak Kodjur ta? Ajo kéné pada mangan!"92