Menyang kontèn

Kaca:Patjitan (Djilid I).pdf/93

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

tjarané, jèn nganti negaraku ketekan ing mungsuh, mesṭi rusaké.”

Tindaké Sang Nata mèh tekan ing kikising negara. Nuli ana tjahja padang-2, dipurugi. Bareng wis tjeḍak Sang Nata mriksani saka ing sela-selaning lawang, ing djero ana pekir menjanji karo ngunèkaké tjlempung, sadjaké seneng atiné. Sang Nata uluk salam saka ing

djaba. Pekir kang duwé, omah mangsuli, nuli ḍajohé dilebokaké ing omah. Pekir takon: „Kowé sapa, bengi-2 teka mréné; iki rak dudu wajahé wong sandja!”

Sang Nata ngendika: „Aku iki pekir, djenengku pak Kodjur, olèhku ngemis wiwit ésuk, sedina ḍeg ora ana wong kang welas mènèhi pangan utawa ḍuwit.”

91