Menyang kontèn

Kaca:Patjitan (Djilid I).pdf/89

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

ilangaké. Tegesé: sing wanguné mokal dadi klakon. Sing pantesé klakon dadi ora. Kowé betjik anut miturut baé apa penatané Sénapati, éwadéné olèhmu awéh rembug iku mau ja ora diilang-ilangaké. Mung baé jèn ora diturut, adja dadi atimu."

Sawisé tutug anggoné pada rembugan bandjur pada pepisahan, nuli kasaput ing wengi. Johannes karo Abner pada menjang ing pandjagan, Mirah mapan turu, nanging ora bisa-2 turu, atiné tansah emar-2, embuh mawané. Bokmenawa krasa jèn arep nemoni apa-². Ésuké gagat raina lagi lajap-2, kesaru tengara muni. Wong-2 wa- don pada prangdandanan arep mangkat ngungsi. Mirah ija bandjur tata-2.

III

Genti katjarita ing pabarisané Jonatan, ing kono ana aḍiné Johannes loro, sidji aran Jahuda, sidjiné aran Mattatias, karo-karoné isih botjah, nanging wis mèlu dadi pradjurit, iku paḍa dikongkon lurahé analika panggonan sakiwa tengené. Lakuné kepapag karo Johannes, paḍa gumun déné kakangané wis bali, nanging kok katon susah. Dadi bandjur ngira jèn mentas nemoni bilai gedé. Jahuda takon:,,Kang, ana apa kowé kok gagé-2 mulih? Mengko gèk pada klebu ing gelar!"

,,Ah, ija!"

Mripaté Johannes katja-2, ora bisa mangsuli akèh-2, kèlingan kang pada nemu tiwas tjinidra ing wong Djambri. Mangka prakara perang iku jèn nanggor mungsuh tjidra, rasaning ati gregeten banget sabab kalahé iku ora kalah sabeneré. Sédjé karo jèn aḍep-adepan karo mungsuh prawira. Sanadjan kalah, menjang ati lega, ora nganggo nganḍut ati munger-2. Mangka nalika semana wong Jahudi tumibané ing bilai ija tjinidra; atiné Johannes banget sumelangé. Bareng wis sawatara suwéné olèhé blangkemen, bandjur nutugaké tjalaṭuné, mengkéné:,,Ketiwasan Di, para pradjurit karo pak gedé."

-,,Pada ditjekel mungsuh, apa?"

-,,Adidaja."

-,,Dipatèni?"

-,,lja!"

-,,Sing urip mung kari kowé déwé?"

-,,lja. Wis adja akèh-2 sing dirasakaké disik, ajo paḍa menjang barisané pak tjilik baé."

87