Menyang kontèn

Kaca:Patjitan (Djilid I).pdf/88

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

dina ésuké. Johannes kagèt, sabab mauné krungu kabar, jèn mangkaté wong-2 bésuk embèné. Abner nganḍani, jèn pradjurit Siriah wis miranti, arep nuli nempuh, dadi botjah-2 lan para wadon ing pasanggrahan kono kudu nuli disingkiraké. Mirah bandjur tjalatu marang kakangné:,,Kakang, olèhku pada ngungsi menjang tanah Moab iki apa ora njumelangi. Aku kok rada kuwatir mengko gèk kepindon, kaja dèk bapak nḍelik ana ing guwa bijèn kaé!"

Abner atiné kumesar krungu gunemé aḍiné. Kèlingan nalika bapakné ditukup ing mungsuh, nemahi pati sabalané kabèh. Panukupé dèk semana mbeneri ing dina Sabat (Sabtu).

Mirah tjalatu manèh:,,Kang, djaréné Pak Kalingkus, tanah Moab iku saiki kerep ketekan kètju Arab, mangka kètju kuwi djaréné sasat belis. Jèn mbeneri ngrajah, wis ora étung apa-2. Barang-2 saketemuné digondol, wongé dipatèni utawa ditjekel, didol."

Abner mangsuli:,,Sing diungsèni iku bakalé panggonané wong Nabatea, kuwi apik penganggepé marang bangsaku wong Jahudi."

-,,lja wong Nabatea; lah wong Djambri keprijé?"

-,,Wong Djambri kuwi pantjèn ala, nanging jèn weruh pradjurit ing kéné, mangsa wania tjlangkrakan, rak bandjur mlaju ngețipret, kaja asu diṭungi pentung. Pradjurit sing ngeteraké kowé bakalé ana ing ngarep ana ing buri."

-,,Ambok ora susah ngungsi prijé, ta? Ana kéné baé. Jèn pradjurit Siriah teka ing kéné temenan, lah kuwi wis mangsané."

-,,Mangsané keprijé?"

-,,Mangsané ngungsi."

-,,Lah rak wis kasèp arané. Kedjaba ta jèn wong Siriah nganggo ngabari disik, dina anu, djam anu aku arep teka. Ing kéné ja kepénak baé, ora grobjagan. Pantes-pantesé wong Siriah jèn teka, ja mak beḍengus baé."

-,,Lah kantja-2 ing Betalmukadas rak ja ana sing gelem ngabari mréné."

-,,Gelemé mono ija gelem, nanging mangsa bisaa! Sekètèngé rak dipepeti wong Siriah, didjaga adja nganti ana wong sing keprodjol. Mirah, kowé kuwi ija pinter, ija lantip, nanging jèn prakara perang, kowé takduga isih tangèh bisamu njanḍak. Wah, nèk wong perang kuwi gelaré wis dudu karepé déwé, pating blandit, pating pentalit ora karuh-karuhan. Sing ora-2 dianakaké. Sing ana di-

86