-,,Lah kuwi embuh. Mung kiraku baé mengkéné: wong Siriah balané mentas kalong akèh banget, marga perang anjar iki. Dadi ndadak mranata bala manèh, sing mati disalini, digladi, diprigelaké ḍisik, takkira saiki wis rampung pangglaḍiné, arep ditonḍé, diangsahaké mréné."
-,,Ah, kok ana-2 baé ta! Wong wis kepénak-2 ana ing kéné, wong Siriah iku katik dahwèn temen, ta! Gèk apa sing arep tinemu ing buri wong mengkono kuwi! Taksuwun-suwun ing Pangéran, nemonana wewales sing nggegirisi. Wong pada urip, wong pada titah baé kok èpèh temen!"
-,,Puluh-2 dikapakaké, saiki aku kowé iki lagi durung kepareng ngrasakaké seneng kepénak, ija ditemah. Manungsa mung sadarma nglakoni. Gusti Allah sing mranata. Dadi genahé: kowé karo wong wadon lija-lijané karo wong djompo-2 kuwi, saiki arep diungsèkaké disik, kuwatir manawa kesiwo ing perang. Bésuk sabubaré gawé ija bali mréné manèh."
-,,Diungsèkaké menjang endi?"
,,Menjang tanahé wong Nabatea."
-,,Lah wong Nabatea iku rak ora ana ing bawah kéné, rak ana ing tanah Moab!"
-,,lja, nanging wong Nabatea iku atiné apik, kena diungsèni. Ana ing kana kowé bakal ora kekurangan apa-2."
-,,Lah ana ing kana kuwi nganti pira lawasé? Karo manèh sapa sing ndjaga?"
-,,Mung seḍéla. Sing ndjaga ja ana. Lah para pradjurit kéné, jèn wadon wis pada diungsèkaké olèhé perang atiné ora maro mratelu. Bisa gambira. Takkira bisa ngrebut tanah Jahudi saka tangané wong-2 Siriah. Jèn wis klakon bisa karebut, kowé karo lija-lijané dipapag. Rak ja seneng, ta?"
Mirah meneng baé, semuné kaja rada susah, sumelang jèn bakal ketrinèn, mulané Johannes bandjur ngarem-aremi, tjelaṭuné:,,Adja susah-2, ta. Aku ija bakal ngeteraké mrana, nunggoni kowé ana ing kana. Kowé rak ja gelem, ta, takateraké?"
Mirah bandjur mari sumelang, tjelaṭuné semu bungah:,,Mesținé, ta."
Lagi tekan semono enggoné paḍa tjaturan, kesaru tekané Abner nggawa kabar, jén wong-2 kang arep diungsèkaké kudu buḍal ing85