Menyang kontèn

Kaca:Patjitan (Djilid I).pdf/81

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
25. JUDAGAMA

Satrija pinundjul kang nglabuhi tanah wutah getihé, mitulungi lan ngajomi bangsané, iku panganggepé marang awaké ora lija mung nglakoni wadjib, ora nganggo ngarep-arep pangalembana utawa gandjaran. Wataké ora wedi mati, ora wedi urip. Tegesé: jèn pinudju mangsah perang ora nganggo wangwang utawa uwas, ora ngowel marang uripé. Jèn pinudju kerta, sanadjan nanḍang susah, nanḍang sangsara geḍéa dikaja apa, ora bakal anglalu utawa nganjut tuwuh. Iki kang aran prawira: wani nanḍang sangsara lan saguh nandang susah, sabab sangsara lan susah iku mau kabèh peparinging Kang Maha Kawasa, kang kasanḍangaké marang para manungsa.

Prawira Jahuda satrija pinundjul, mati ana ing paprangan, marga saka ditjidra ing laku marang sanaké déwé. Sanadjan wis weruh jèn karoban lawan, éwadéné ora angrasa ulap, ora owel marang patiné, ora nijat nutut, sabab wis weruh jèn panututé bakal ora makolèhi marang tanahé, sarta marang bangsané. Patiné prawira Jahuda agawé susahé wong Jahudi sanagara, djalaran rumangsa kélangan panggeḍé kang tresna marang rèh-rèhané. Rumangsa lola, pepeḍané kaja kutuk kang ditinggal ing baboné, utawa kaja déné weḍus kang katinggal ing pangoné. Mangka nalika semana wong-² mau lagi mbeneri ana ing sadjroning pakéwuh geḍé, kiwa tengen, ngarep buri, mungsuh. Bebasané kaja endog ketjepit ing watu. Jèn ta adjaa pinajungan ing Pangéran, ing lair, wong Jahudi ḍèk semana wis entèk ludes. Mungsuhé sing gedé déwé wong Siria, ora lèrèn-² anggoné murih sirnané wong Jahudi. Tudjuné sedulur-seduluré Jahuda isih pinaringan rahmat paḍa ngimpuni wong-² Jahudi kang atiné paḍa ngeḍap. Kakangané Jahuda kang aran Simeon pinaringan kalantipan lan kawitjaksanan marang Pangéran, iku kang nglumpukaké wong Jahudi ing negara Bersei. Ana ing kono bandjur paḍa rerembugan, arep ndjundjung panggeḍé anjar, kang minangka dadi tetinḍihé. Simeon nuli munadjad sarta andedonga marang Pangéran. Bareng wis rampung bandjur tjalaṭu seru marang wong-² mau, mengkéné: „É, kantja-², saiki keprijé rembugmu? Sapa sing kodjaluk dadi panggeḍému? Pikiren sing temenan. Bijèn sadurungé ana dahuru, kowé ora duwé tetinḍih. Iku pantjèn ora ngapaa, sabab aku kowé iki nalika semana aran wong telukan, nanging saiki sédjé, wis nijat

79