Menyang kontèn

Kaca:Patjitan (Djilid I).pdf/8

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Sadinten muput lampahing baita angler sinurung ing daja kekijataning alun. Ing wantji sonten suruping srengéngé, lampahipun Wilis saja njelaki patuk pongoling tanah Afrika, ingkang karan nama Gardafui. Nama wau tembung Portegis, tegesipun: Kang ngati-ati. Wontenipun kanamakaken makaten, ing kinanipun katah sanget baita ingkang kabilaèn wonten ing riku, djalaran saking kalèntuning lampah; dèrèng nglangkungi pongol Afrika, kakinten manawi pongol wau sampun kapengker, baita kaladjeng ketjelaken kalijan ḑaratan, wasana saking agenging alun tuwin angin, baita asring ladjeng katatabaken ing karang, utawi kauntjalaken ing daratan, lebur boten ngekap, kèrem utawi petjah wonten ing parang. Miturut tjarijosipun punggawa baita, ing sukuning pongol wau sampun naté kapasangan menara mawi dilah déning bangsa Inggris, kanggé pandoman baita ingkang lumampah ing riku, kepara sampun kaping kalih, nanging saben-saben menara wau kadjugrugaken déning bangsa ing tanah ngriku, ingkang taksih kénging kabasakaken tijang wanan, djer taksih dojan ḍateng ulam tijang. Samangké ing riku dados boten wonten dilahipun ingkang kénging kanggé pandom lampahing baita, mila baita ingkang langkung ing riku ing wantji dalu, kedah nikeli pangatos-atosipun. Menggah ichtijaripun baita-baita ingkang ngambah ing riku ing wantji dalu, samangké makaten: saben sampun tjelak kalijan pongol Afrika wau, tjanțiking baita ingkang wingking ladjeng kapasangan kérékan kanggé nganḍapaken pirantos ngukur lebet tjetèking saganten. Pirantos wau wudjudipun kados tropong, ing lebet isi ukuran, samangsa sampun ḑawah ing ḑasaring saganten, sanalika ladjeng katarik malih. Sadumuginipun ing nginggil ladjeng kapriksa wonten ing kamaripun kaptin kapal, katiti djerohanipun, awewaton pinanggihing papriksan, kaptin kapal ladjeng sumerep, boten ngemungaken lebetipun toja, nanging ugi djinisipun siti ingkang kaḍawahan ing pirantos wau, siti lempung punapa waḍas. Saben seprapat djam tambang kawat ingkang kanggé nantjang pirantos wau kaḍawahaken ing saganten; manawi miturut pinanggihing pétang, ingkang kaambah ing baita saja dangu saja tjeṭèk, punika pratanḍa lampahing baita saja njelaki ḍaratan, dados prelu kedah kaara-arah sampun ngantos lampahing baita mlèntjèng saking margi ingkang sampun katamtokaken, pamrihipun sampun ngantos baita keblasuk dateng papan ingkang tjetèk, kandas ing siti

6