Menyang kontèn

Kaca:Patjitan (Djilid I).pdf/79

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Kedjawi djuru ngarang sapambantunipun, serat kabar ugi gaḍah punggawa ingkang ngurus tumindaking pendamelan, kadosta: nampèni jatra lengganan, ngintunaken serat kabar ḍateng para lengganan, ngurus waragading ngetjap. Manawi gaḍah pangetjapan pijambak inggih ngurus delantjang, mangsi, tukang, punggawa sapanunggilanipun, ingkang bangsa pandamelan pangetjapan. Pengagengipun nama administratur.

Serat kabar punika wonten ingkang medal saben dinten, wonten ingkang medal seminggu sepisan, setengah wulan sepisan, saben wulan, ugi wonten ingkang medal tigang wulan sepisan. Ingkang medal saben dinten namung wudjud delantjang lembaran, sanèsipun sami wudjud buku, namanipun kalawarti.

Isinipun kénging kapilah-pilah makaten:

Ingkang wudjud delantjang lembaran, ing katja kapisan wonten seratan ageng: namanipun serat kabar wau, Ladjeng karangan-² saking para djuru ngarang, limrahipun rupi wawasan warni-² babagan punapa kémawon, kadosta: babagan paréntah pradja, babagan panggesangan, pedagangan, kataberèn, kabudidajan, panggula wenṭah, among tani, kasarasan, piwulang lan sanès-sanèsipun malih, tjekakipun ingkang njekapi ḍateng betahing ngakaṭah. Katja kaping kalih ngewrat kabar tjekak-² saking mantja nagari utawi saking sabrang, wonten papan sapérangan kanggé ngewrat kabar-² saking kiṭanipun pijambak, sapérangan malih kanggé ngewrat kabar-² babagan ulah raga, wasana wonten papan seḍijan pariwara. Sadaja tijang langkung-² para among dagang kénging nglebetaken pariwara sarana katarik bajaran, mewahi pengasilanipun serat kabar wau.

Serat kabar ingkang wudjud buku, limrahipun namung isi wawasan kémawon babagan kawruh warni-², wonten ingkang mligi namung ngrembag sak bab, upami kalawarti ingkang ngrembag kasusastran, kalawarti bab kasarasan, kalawarti bab among tani, ulah raga sapanunggilanipun. Limrahipun kalawarti punika rinengga ing gambar.

Ing tanah Djawi ngriki ing sadèrèngipun taun 1900 sampun wonten serat kabar dintenan, basa Djawi utawi basa Mlaju, kadosta: Djawi Kanda, Djawi Iswara, kawedalaken ing Surakarta, Retna Dumilah kawedalaken ing Ngajogjakarta. Selomprèt Melaju ing Semarang, basa Melaju. Kalawarti inggih ladjeng wonten, kadosta: Sasaara, Tjandrakapta, Bintang Hindia (basa Melaju). Saja lami inggih ladjeng