dunung-dunungaken sinten ingkang lepat sinten ingkang leres, ngantos dados lan maremipun ingkang sami pasulajan.
Awit saking anggènipun remen sasrawungan kalijan tijang alit K.N. Musa sakalangkung ḍamang ḍateng gesangipun kawula alit, langkung-² ingkang sami nanḍang kesrakat, tuwin nanḍang sangsara awit saking pinatrapan ing tindak kirang adil utawi tindak sija sawenang-wenang.
Nudju satunggaling dinten K.N. Musa tindak njlamur ḍateng plabuhan. Wonten ing riku pirsa sudagar regedjegan kalijan kulinipun prakawis arta berahan. Pabenipun sereng, pisuh-pinisuh. Punika ladjeng dipun pisah kalijan K.N. Musa, sarta kapriksa prakawisipun. Ananging watak wantuning sudagar sugih, tansah ngegung-egungaken sugih lan kuwaosipun, mila sanadjana lepat, inggih terus ngèjèl kémawon. Anggènipun njenjamah punapa déné ngérang-érang ngrèmèhaken ḍateng kuli wau ngantos kesangeten, ndjalari mrekitikipun K.N. Musa. Boten taha-² sudagar wau ladjeng dipun tempiling, pedjah sami sakala.
Ahli warisipun boten nrimah, sami njuwun pangadilan dateng Prabu Firngon.
Prabu Firngon duka sanget. K.N. Musa ḍinawuhan ngukum kisas. K.N. Musa mireng jèn baḍé dipun ukum pedjah, ladjeng ḍeḍemitan ontjat saking Mesir, njabrang saganten ḍateng nagari Madajin (tanah Arab).
K.N. Musa ngrumaosi lepatipun, ngrumaosi agenging dosanipun ḍateng Pangéran, mila ladjeng mahas ing ngasepi ḍateng ing wana ageng, nglampahi tapa brata njuwun pangaksamaning Pangéran, ngantos pinten-² wulan dangunipun.
Wantji djam sawelas sijang K.N. Musa kaleres kèndel ngaso wonten ing sanganḍaping gegrumbulan. Dumadakan pirsa laré èstri putranipun K.N. Sungèb, angèn ménda sasarengan kalijan kantja-kantjanipun laré djaler kaṭah.
Mangsanipun nggiring ménda-² sami dipun ombèni ing sumur. Anggènipun nimba rebatan. Temtu kémawon laré èstri wau kawon ḍesuk kalijan laré-² djaler. K.N. Musa sanget welas mirsani, Nolèh ngiwa nengen, pirsa wonten séla ageng, kanggé nutupi sumur kina. Séla wau sanadjana wawratipun boten mekakat, kénging dipun bréngkal ḍateng K.N. Musa kalijan gampil. Laré èstri inggih punika
70