Menyang kontèn

Kaca:Patjitan (Djilid I).pdf/71

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

 Let sawatawis dinten, Prabu Firngon ḍawuh nimbali sakaṭahing tijang èstri ingkang taksih nesepi, baḍé kadadosaken injanipun Musa.

 Njai Ngimron inggih tumut sowan. Sakaṭahing wanita dipun tjobi kapurih ngempèngi Musa, boten wonten ingkang djoḍo. Déné ingkang saged djoḍo pijambak namung Njai Ngimron, mila inggih ladjeng kapilih. Namung rèhning Njai Ngimron taksih gaḍah anak alit inggih punika K. N. Harun, mila ladjeng mundjuk, manawi kapareng putranipun Sang Prabu baḍé dipun sesepi wonten ing grija. Panjuwunipun Njai Ngimron kaparengaken.

 Sareng sampun kasapih, ladjeng kaundjukaken ḍateng Sang Prabu malih.

K. N. Musa ontjat saking pradja Mesir.

 Kangdjeng Nabi Musa wiwit alit ngantos dumugi djedjaka wonten ing kraton. Sugengipun boten kirang mulja. Saliranipun ageng inggil gagah prakosa. Karemenanipun nggegulang kapradjuritan. Penggalihanipun kentjeng, tetep djedjeg lan ngadil. Katjarijos kerep sanget njlamur ngempali para kawula alit. Menawi wonten tijang kerengan utawi pasulajan, ladjeng dipun pisah, sarana dipun

69