ipun, lami-² woh wau risak. Lah ingkang risak punika boten namung wohipun kemawon, ugi pang-pangipun ingkang taksih enèm, lami-² witipun pedjah. Tijang ngantos djuḍeg anggenipun pados réka njirnakaken ama punika wau.
Wasana lami-² tijang ngretos manawi Helopeltis punika adjrih ḍateng semut tjemeng, mila ladjeng ngréka daja sageda minḍah semut tjemeng dateng ing kebon soklat. Rékanipun makaten: Ing panging soklat dipun gantungi tengkelan bumbung njaeros, tuma peṭak ugi dipun bekta ḍateng ing kebon soklat. Boten antawis lami ladjeng wonten semut tjemeng ingkang damel grija ing bumbung wau. Anggenipun manggèn ing riku boten pinḍah-² sok uger ing riku wonten tumanipun peṭak. Kosok wangsulipun: Tuma peṭak punika inggih boten kraos utawi boten énggal tangkar-tumangkar manawi ing riku boten wonten semutipun tjemeng. Dados semut tjemeng kalijan tuma peṭak punika boten saged pisah kalijan radjakajanipun. Semut tjemeng manawi kepeksa pinḍah panggénan, temtu tuma peṭak boten kénging kantun, tumut dipun bojongi kados tigan utawi anakipun.
Sanadyan tuma petak punika inggih ngrisakaken taneman, uwoh utawi pang soklat, nanging karisakanipun boten sapintena manawi katanḍing kalijan karisakan ingkang margi saking Helopeltis. Djalaran saking punika rèhning tuma wau saja tangkar tumangkar margi dipun opèni ing semut tjemeng, ing riku inggih ladjeng kaṭah semut tjemeng, wasana Helopeltis wau késah margi adjrih ḍateng semut.
Sapunika ing pundi-² ing kebon soklat mesti wonten semutipun tjemeng kalijan tuma peṭak. Upami boten makaten, temtu kebon soklat sampun luḍes margi kamangsa ing Helopeltis.
Bani Israil nanḍang tjoba.
Sasampunipun Kangdjeng Nabi Jusuf djumeneng radja-muḍa won-
ten ing Mesir, ingkang rama K. N. Jakub sakalijan dalah para putra-
66