Menyang kontèn

Kaca:Patjitan (Djilid I).pdf/67

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

satunggal saged nigan ing dalem sataun kinten-² 11 000. Punika sababipun déné semut tjemeng punika boten saged telas.

Semut tjemeng punika manawi damel grija ing wit-witan, boten wonten ingkang damel grija ing salebeting siti kados semut sanèsipun. Ingkang dipun remeni panggénan ingkang ajom, terkadang ugi manggèn ing grijanipun manungsa. Manawi grija semut wau kabentéran utawi sampun kirang prajogi, semut sagrija wau ladjeng sami bojongan, pados panggénan sanès ingkang langkung prajogi.

Wonten paribasan ungelipun: „Sok ana gula akèh semuté.' Utawi „Semut marani gula." Pantjèn inggih njata, uger wonten gendis, temtu wonten semutipun. Wontena ing pundi-², nadyan ing lebet lemantun, genḍis punika temtu karubung ing semut, pantjèn semut punika karem sanget dateng genḍis. Nanging semut tjemeng teka manggèn ing wit-witan punika ladjeng sagedipun angsal genḍis saking pundi?

Tjoba sumangga samenika sami ngetutaken lampahing semut tjemeng ingkang wonten ing wit-witan. Semut ingkang nggremet manawi kepapag semut sanès ladjeng kèndel. Ketingalipun kados sami omong-omongan, bisik-², nanging sadjatosipun sami ganda-ginanda, nunten sami ngladjengaken lampah, terus minggah ngantos dumugi ing putjuk, utawi ing epang ingkang enèm. Ing riku pun semut kepanggih kalijan kéwan sanès, bangsaning tuma, badanipun bunder empuk kados undur-² (bongkang) tanpa mripat, warninipun peṭak ngapluk kados kénging ing weḍak utawi glepung, tumal punika dipun dilat ing semut tjemeng wau. Sungutipun pun semut dipun djeplakaken minggah, ladjeng kaḍawahaken ing badaning tuma, kados nggebag, lah ingkang dipun dilat punika genḍisipun, sabab tuma punika medal duduhipun legi. Awit saking punika sabenwonten semut tjemeng mesti wonten tumanipun peṭak, makaten ugi kosok wangsulipun, saben wonten tuma peṭak, mesṭi panggénan ing riku dipun datengi semut tjemeng.

Semut tjemeng punika boten njakot tijang, boten kados semut gatel utawi ngangrang utawi semut sanèsipun. Malah semut tjemeng kénging dipun penḍet damelipun, kapurih njirnakaken ama ingkang manggèn ing kebon tèh utawi kebon soklat, namanipun ing tembung Latin „Helopeltis". Ama punika karem sanget dateng woh soklat. Woh punika dipun tjoblos mawi tjongoripun, prelu kasesep duduh-

Mardjana-Samoed, Patjitan I. 5

65