Menyang kontèn

Kaca:Patjitan (Djilid I).pdf/62

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

warni, i.p. sarana ngawontenaken parade, pidato-2, ulah raga, tetingalan lan sanès-sanèsipun. Kedjawi sarana tata-lahir, kita mèngeti dinten Angkatan Perang ugi nganggé tjara kabatosan, i.p. arupi pasembahjangan ing pundi-2 panggénan, ngeningaken tjipta, tuwi ḍateng taman-pahlawan lan sapanunggilanipun. Pèngetan makaten punika sampun kita tindakaken saben taun.

Tanggal 5 Oktober 1950 punika kita sadaja sasarengan mèngeti dinten Angkatan Perang kados adat saben. Pèngetan wau terang langkung semuwa, langkung gambira, langkung bébas-merdika, sabab sampun boten wonten panguwaos mantja ingkang ngalang-alangi lan boten wonten angkatan perang sanès ingkang ngreriḍu kados taun-2 ingkang kepengker. Kita mèngeti kanṭi lahir lan ugi ing batos.

Akanṭi mèngeti perdjuangan kita salebetipun 5 taun ingkang sampun kalampahan, kita ugi nropong kawontenan ing dinten béndjing. Ing mangké kita wadjib nginguk dinten wingi, ningali punapa kekirangan kita, punapa ingkang kedah kita dandosi lan kita sampurnakaken.

Samangké Angkatan Perang Inḍonésia kapétang Angkatan Perang ingkang baris wonten ing kalangan Internasional. Organisasi kedah kasusun tjotjog kalijan garis-garising pradja sanès. Para pradjurit kedah kagemblèng ngantos sadjadjar kalijan djagat Internasional ugi. Tjekakipun Angkatan Perang prelu dipun saring, dipun saèkaken, dipun sampurnakaken. Ḍiḍikan kebatosan kedah dipun kijati. Sadaja wau murih santosa lan kuntjaraning Pradja.

60