Menyang kontèn

Kaca:Patjitan (Djilid I).pdf/61

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
    maésa danu, mjang kang paman Madukara, dènira baḍé akrami.
  1. Wus ingaturken sadaja, pamunḍuté Sang Prabu Arimurti, Baṭaréndra ngandikarum: „Kulup mauné sira, teka nora bandjur ndjudjug ngarsaningsun, kebo danu wruhanira, pan wus gaḍanganirèki.
  2. Lamun kaki Parta krama, sasrahané mring nagri Dwarawati, barang pupunḍutanipun, Sang Prabu Padmanaba, kabèh-kabèh ing mengko mèh praptanipun, anèng nagari Ngamarta, ija sasi ngarep iki.
  3. Si Bima lan si Ardjuna, bésuk bareng lan praptanira kaki, lah ta wus muliha kulup, menèk kari ing karja." Radyan Arja Gaṭutkatja nembah matur: „Pukulun paran ing karsa, maésa sadaja kesit.
  4. Boten kénging gineregna, Hjang êndra ngling: Jèn wus lan

    karsa mami, sajektiné kabèh tutut, pajo nuli mangkata, kebo dimèn kikintil wurinirèku." Gaṭutkatja muḍun nembah, maésa

    danu kinanṭi.

„R. NG. SINDUSASTRA - PARTAKRAMA”



19. DINTEN ANGKATAN PERANG

Tanggal 5 Oktober 1945 kanți resmi Angkatan Perang Indonésia kaedegaken; ing sakawit kawastanan B.K.R. (Badan Keamanan Rakjat) ladjeng kanamakaken T.K.R. (Tentera Keamanan Rakjat), mangkénipun kasebut T.R.I. (Tentera Republik Indonésia), saladjengipun nama T.N.I. (Tentera Nasional Indonésia).

T.N.I. ingkang ugi kawastanan A.P.R.I. (Angkatan Perang Re- publik Indonésia) wiwit madegipun R.I.S. (Republik Indonésia Sarikat) kanamakaken A.P.R.I.S. (Angkatan Perang Republik Indonésia Sarikat). Sasampunipun Negara Kesatuan kaḍapuk, Angkatan Perang wangsul malih mawi nama A.P.R.I. (Angkatan Perang Republik Indonésia).

Saben tanggal 5 Oktober Bangsa Indonésia mèngeti adegipun Angkatan Perang kita wau ingkang umumipun kawastanan „Hari

Angkatan Perang". Mèngeti dinten wau nganggé tjara mawarni-

59