Kaca iki wis divalidasi
- Rug rugrug agraning arga, ing Semèru kambah raméning djurit, wreksa sol rubuh kabrubuh, bosah basih mbelasah, Sang Baṭara Gana astanja marlesu, susah wus angrasa sajah, agung kalinḍih katinḍih.
- Ḍas bunḍas kabentus paḍas, rongkong rengkeng-rengkeng agung kabanting, tjongor ndjongor kadjerungup, ing tjuri-tjuri parang, kagulimpang kabanting kagulung-gulung, telalé katikel séla, kuping tuli mili getih.
- Mangangen-angen upaja, mamrih uwal dénnjarsa angontjati, mèh kèdek kena dinekung, gulunira sru nggrondjal, sarwi mantjal mantjad ing djadjanira sru, wal singsal kalihnja kontal, Gana tibané kabanting.
- Kagulung galunḍung djurang, satanginé ladjeng lumaju gendring, pareng lan maésanipun, andanu satus samja, ngungsi marang kaéndran satus gumrubjug, samana Sang Baṭaréndra, seḍengnja lagja siniwi.
- Déning kang para Djawata, lenggah mungging ing singangsana manik, aglar pra djawata ngajun, gègèr samja katundjang, palajuné satus kang maésa danu, sarta lan Baṭara Gana, palajuné niba tangi.
- Ladjeng nḍéprok mungging ngarsa, mempis-mempis napasé metu kuping, dinangu tan saged matur, pan maksih megap-megap, babak bunḍas ngangsur telalé ngalumpruk, prapta Radyan Gaṭutkatja, Baṭara Gana ningali.
- Ḍeraḍasan ngungsi wuntat, sanget kawus wau sang Bimasiwi, wus nduga jèn djawatagung, siniwi para déwa, lenggah mungging singasana retna murub, parek mring ngarsa tur sembah, Baṭaréndra ngandikaris.
- Saéngga kadi ngrerepa: „Hèh ta kulup paran purwanirèki, déné nemahi prang pupuh, ija lawan si Gana, lawan apa sedyanira kang satuhu, kongsi prapta nèng kaéndran, manungsa pan nora keni.
- Sumengka pangawak bradja, lamun nora lawan ingsun timbali." Gaṭutkatja nembah matur: „Ḍuh Sang Mahabaṭara, nuwun duka prapta kawula Semèru, boten pisan sumedya prang, lan pun déwa sirah èsṭi."
- Wusing atur purwanira, lan Baṭara Gana dadining djurit, miwah ing sasedyanipun, jèn dinuta kang uwa, ing Ngamarta ngupaja
58