Kaca iki wis divalidasi
- „Hèh, hèh wong ing ngendi sira, déné teka wani-wani matèni, kepalané kebo danu, kagungané Hjang Éndra, nora wurung sira mengko dadi bubuk, katiban ing gadaningwang, ngendi pangungsènirèki.”
- Gatutkatja duk tumingal, osiking tyas: „Iki kang mbebajani, ditya sirah dipangga gung, prajitna sru lingira: „Mengko-mengko ajwa gé gadanirèku, tiba antinen saḍéla, rungunen wuwus ngong dingin.
- Ingsun iki Sénaputra, praptaningsun ing kéné pan tinuding, marang ing djeng Uwa Prabu, Ngamarta angupaja, kebo danu satus ingkang pantjal panggung, arsa ginawé sasrahan, marang putri Dwarawati.
- Djeng Paman ing Madukara, ingkang bakal krama dèn djedjaluki, sasrahan maésa danu, mengko kapasang jogja, sira prapta kebo iki kang anggaduh, dèn suka lila tyasira, kebo ingsun selang dingin.
- Ing bésuk jèn wus ing karja, ingsun balèkaken marang sirèki. Batara Gana sru muwus: „Babo déné gumampang, pangutjapé lamun ingsun durung lampus, kaja lamun nora kena, kebo kagawèng sirèki.
- Luput-luput mengko sira, adjur mumur katiban gada mami, awor lawan bangkénipun, kepalaning maésa, danu putih sidji ingkang sira lampus.” Gaṭutkatja duk mijarsa, kroḍa sru dènnja nauri:
- „Hèh déwa kang enḍas gadjah, nadyan ingsun pan ija isin mulih. Lamun kebo danu satus, nora bisa kagawa, ing saiki jekti sun pilaur lampus, wirang mulih mring Ngamarta, lah pajo tibakna aglis.
- Kroḍa sang Batara Gana, mangsah gada tibané dèn taḍahi, tjinandak gadanira wus, ramé senḍal sinenḍal, udreg dedreg reredjengan rada dangu, kroḍa Arja Gaṭutkatja, panjenḍalira nguwisi.
- Wus karebut gadanira, gja binuwang sumebut tiba tebih. Bațara Gana gya nubruk, sarwjanggro lir raseksa, tinaḍahan panubruké sareng gapjuk, tjaruk rok tjanḍak-tjinanḍak, ruket samja silih ungkih.
- Djumangkah pokah-pinokah, ramé tjengkah-tjinengkah mamrih kongkih, gelut puletan apeluk, okol ungkal-ingungkal, ramé dedel-dinedel dekung-dinekung, kuwel kalih tan kena wal, kagulung gantya kaguling.
57