tjespleng pijambak kanggé ndjampèni bubul penḍem. Anggenipun ndjampèni gampil sanget. Pentil kuḍu ingkang agengipun sakemiri, dipun bakar ngantos umob. Punika ladjeng kapenḍet. Suku ingkang wonten bubulipun penḍem, dipun idakaken ing pentil patjé wau. Sapisan kemawon adatipun sampun saras, itjal sakitipun. Manawi dèrèng saras, inggih dipun ambali let dinten.
Sintena kémawon temtunipun uninga wit kemlanḍingan, amargi sampun mratah pundi panggénan wonten, limrahipun kanggé turus pager. Mila ing ngriki namung mratelakaken paédahipun kémawon.
Woh kemlanḍingan kénging dipun damel témpé, pandamelipun limrah kados tijang ndamel témpé keḍelé.
Ugi kénging kanggé tokolan kados tokolan katjang idjem, namung kaot pendamelipun dipun ipuk, manawi sampun kalih dinten dipun pendeti, sampun ketingal ageng-².
Woh kemlanḍingan nèm étja dipun guḍang (urab) mentahan, utawi étja kanggé woworan rudjak deplok, murugaken seḍep.
Wohipun ingkang sepuh étja kanggé lalab utawi dipun olah, matukipun dipun botok.
Kadjengipun kalebet pilihan, atos, wuled, arengipun ugi saé, sanganḍapipun areng kesambi utawi asem.
Pupus kemlandingan kénging kanggé djampi tatu ènggal (kèperang, kebatjok). Sanadyan wedaling rah santer, djalaran nradjang otot, boten prelu gugup utawi kuwatos. Énggal nggetjaka godong kemlanḍingan ingkang taksih enèm, dipun tètèsana toja sekedik, murih énggal lembat, ladjeng dipun popokaken plek, dipun blebet set, wedaling rah temtu suda, boten watawis menitan mampet, wusana njakot ngantos sagaringipun. Anèhipun gadah daja nesep rosa sanget, mila kraketipun kentjeng saèstu, manawi sampun saras utawi sampun garing, pamenḍetipun mawi dipun telesi, utawi dipun ekum murih ngloṭok pijambak.
Djampi goḍong kemlanḍingan, aḍakan panggénanipun, tanpa wragad, njata tjespleng, sami sanalika mampet, kantun ngentosi
54