Menyang kontèn

Kaca:Patjitan (Djilid I).pdf/46

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

 
Gunung Merapi,
Udan awu duk ing nguni,
Gègèr sagung para djanmi,
Tilar wisma mlaju ngungsi.

Gunung Merapi,
Samengko wus tata rapi,
Pepèrèng lawan djedjurang,
Bali kebak kambah tijang.

Gunung Merapi,
Sinawang tuhu respati,
Biru laut maja-maja,
Lir bludru ginelar tata.

(Kasusastran gagrag anjar saking kalawarti „Praba”)

„TJEMPAKA MUDA”



13. SUNTIKAN TYPHUS CHOLERA TUWIN
DYSENTERIE

Ing kita-² ageng langkung-² ingkang tjelak kalijan papan paprangan, asring dipun wonteni prenatan suntikan, utawi tetijangipun pijambak sami neḍa supados dipun suntik vaccin utawi serum typhus, cholera kalijan dysenterie.

Kita-² ingkang ketel djiwanipun, pantjèn gampil kaparag ing sesakit wau. Namung manawi tetijangipun sampun sami dipun suntik serum (typhus, cholera, dysenterie) saged kalis.

Malah ing papan ingkang sampun katradjang ing sesakit wau punika inggih saged katjegah mawi suntikan, adatipun temtu tumunten sirep.

Tetijang ing ngriki rumijin sami adjrih suntikan, pangintenipun. warni-², nanging saja dangu ketingal saja mangertos, jèn suntikan makaten punika pantjèn ageng sanget gunanipun. Sampun katah

44