Menyang kontèn

Kaca:Patjitan (Djilid I).pdf/41

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

alit-2, mila sapunika gampil sanget lampah kula katimbang ing suwau, djalaran wit-witan alit-2 punika gampil sanget kula tradjang. Boten dangu sampun andjog ing lépén ingkang ilinipun radi santer, djurangipun lebet sarta rumpil. Saking katahing ulekanipun, kula gantos ngelu, punapa malih djurangipun langkung saking andjuleg, dados manah kula ngantos kéwran, kados pundi badé panjabrang kula. Sang Nata mirsa sakalangkung ribed ing galih, mila ngandika: ,,Iravata, sing takkira bisa dadi sranané ontjatku teka: djebul malah sadjak arep andjalari tjintraka. Apa bisa medun? Mesti ora! Wong lemahé lunju. Gèk keprijé?’’ Kula méndel kémawon, nanging sanadjan Sang Alimguir ngendika makaten, kula meksa kedugi mandap, mila siti ladjeng kula dukiri kalajan gading, ladjeng kula idak-2 ngantos kadi déné undak-undakan. Saréhné siti wau taksih lintjat, dados sareng kula ambah, temah ambrol, wasana kula keplorot ngantos ketjegur lépén, suwaranipun sakalangkung sora, punapa malih montjrating toja inggih inggil djalaran saking awratipun bobot kula. Rahajunipun Sang Prabu gondélan kuping kula, saupami boten makaten temtu dawah. Déné sapunika sami wiludjengipun, senadjan keplorot nanging boten wonten sabab punapa-2, namung saking seruning suwaranipun toja kula dawahi, satemah kula ngantos radi budeg, nanging inggih boten dangu.
Lépén wau sawatawis santer ilinipun ngantos kuwawi ambekta badan kula, kéntir boten kraos punapa-2, nanging ingkang makaten punika kula malah ladjeng saged ngaso, margi boten susah ngedalaken kekijatan. Kadjawi punika toja wau prasasat suka kekijatan malih dateng Sang Radja tuwin kula, awit saking asrepipun, mila Sang Nata kerep tumelung njawuk tojanipun kagem ngundjuk, margi sampun boten ambekta punapa-2. Wusana Sang Prabu ngendika: ,,La kaé mungsuhé wis nututi." Pradjurit ingkang nututi punika sumerepipun purug kula, terang saking karisakaning wana déning panasak kula. Sareng sumerep manawi kula wonten ing lépén sadaja wau ladjeng ngetutaken turut pinggir kalajan ambandangaken kapalipun. Sang Nata boten pegat anggénipun ngulataken saébahing mengsah, sarta ngandika: ,,Galo pada ngintjeng mréné." Kula ladjeng andjelih sakajangipun, dipun tampéni déning kumandang dados suwara pinten-2 atus. Pétanganipun Sang Prabu jektos boten lepat, margi sareng mireng suwara kula wau, sadaja

39