galihipun Sang Prabu meksa saged lumadjeng déning peteng, sarta mesṭi boten wonten ingkang sumerep. Kedjawi punika kula saged lumampah tanpa njuwanten: namung glesar-gleser kados déné lampahing sardula utawi kutjing kémawon. Kawuningana, sadaja liman punika sanadjana katah tjatjahipun, nanging manawi wonten ingkang dipun adjrihi, lampahipun midaka pang utawi godong aking inggih boten kumrosak, Tijanga ingkang tengèn temtu meksa boten mireng. Manawi wonten ingkang nudju sumerep temtu dipun wastani gendruwo, sabab déné boten wonten sabawanipun. Punika temtu boten wonten tijang ingkang purun ngandel, nanging tandanipun lampah kula wau, sanadjan sakalangkung peteng sarta marginipun tjijut, namung sreg kula kémawon, meksa boten njanḍung utawi njénggol barang satunggal-satunggala, anggènipun ngrisak-ngrisakaken inggih boten wonten ingkang mireng.
Lampah kula sampun dumugi ing sapinggiring pakuwon, nanging kèwedan anggèn kula badé medal, margi mawi kapageran kawat ri sarta sadjawinipun dipun sukani kalénan. Sarèhné sadaja wau anggènipun damel kalajan kesesa, dados temtunipun boten santosa. Sang Nata ladjeng tumungkul tuwin mbisiki kula makaten: „Tjoba, tanggulé djugrugen bandjur urugna kalènané ngiras gawé djugangan.” Kula ngretos kersanipun Sang Radja, ladjeng nglampahi dawuh. Siti wau taksih teles, dados gampil kémawon panjambut damel kula. Ḍawahipun ing djugangan mawi njuwara, andadosaken kagèting manah kula, margi sumelang bokmanawi kemirengan tijang djagi. Suwara wau satemenipun namung lirih, éwadéné pangraos kula inggih sakalangkung seru.
Boten dangu pandamelan kula sampun rampung, ladjeng kula sasak. Sareng sampun dumugi ing sadjawining pakuwon, kula lumadjeng anggendring, nanging wedal kula kasumerepan ing tijang djagi, mila ing satemah damel gendra. Sang Nata énggal kula pendet saking gitok sarta ladjeng kula sarèkaken malang wonten ing gading mawi kula gudjengi ing tlalé, wasana pradjurit kapalan nututi kalijan njandjatani, nanging ingatasipun radja kula boten anggadahi sumelang sakeḍik-keḍika, margi sampun kaling-kalingan déning badan kula ingkang ageng. Kula tansah dipun sandjatani ngantos kadi djawah mimis, mila inggih kaṭah ingkang kénging bokong kula, ananging sadaja wau boten dados punapa, margi mimis alit boten wonten
37
37