éwon ingkang dateng ing Hollywood ingkang neḍa tumut main pilem. Ahli wau ènget dateng tijang samanten wau bab pawakan utawi solah patrapipun; manawi wonten pangurus pilem mbetahaken tijang wanan 100, pun ahli wau sanalika saged milihaken tijang ingkang pantes manut pawakanipun. Manawi djuru pilem mbetahaken tijang Nèger tjatjahipun 1000, ahli wau ugi saged nḍatengaken tijang samanten punika kanti énggal, punapa tijang tiron punapa ingkang saleresipun. Upami betah tijang Rusia bangsa darah utawi tijang Mesir djaman Radja Pirngon, sanalika ahli wau saged ngladosi.
Dados tetéla bilih tijang damel pilem punika kadjawi ingkang pantjèn tumut main, taksih katah malih ingkang tumut urun bau ingkang ugi prelu sanget wontenipun.
Saben tanggal 25 Maret ing sangarepé kasteel Trichborne ing tanah Inggris, mesti akèh wong2 miskin lan papa sing pada antré, nunggu giliran arep nampani glepung gandum saka astané kang kagungan kasteel déwé. Kaanan sing kaja mengkono kuwi mau wus tetaunan kelakoné, malah wis ana sawatara abad. Kabèh2 para sing manggon ing kasteel mau, ora kena ora, kudu mbagé gandum marang para pekir miskin, naluri marang ḑawuhé Lady Mabel ḑèk djaman semana.
Lah mungguh dedongènané Lady mau kuwi mengkéné:
Kang ndarbèni kasteel Trichborne iku arané Roger, krama karo sawidjining putri, arané Lady Mabel. Roger senengané nglurug perang ndjarah rajah, nelukaké kasteel sidji lan sidjiné, nggempur kana kéné, njebar pepati sapirang-pirang. Sing prelu: kekumpul banḑa, karebèn énggal sugih, ora kekurangan sawidji apa.
Lady Mabel atèn-atènané ngalor ngidul karo sing lanang. Budiné pinudji, seneng tetulung marang wong sing kawelas asih, ḑemen awèh dana marang wong sing katjingkrangan. Ora pisan pinḑo Lady Mabel ngelingaké sing lanang supaja marèni anggoné seneng ndjarah
27