Menyang kontèn

Kaca:Patjitan (Djilid I).pdf/28

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

kadjarag, ngantos ngèmperi penganggé ingkang asal saking djaman kina.
Wonten ahli malih ingkang kapasrahan dedamel, wiwit dedamel séla ing djaman kina ngantos ingkang gagrag énggal ing djaman samangké. Tijang wau kapatah njepeng guḍang ageng, isi dedamel tjekap kanggé mraboti pradjurit 10 000 saking pitung karadjan utawi langkung. Ing guḍang wau wonten dedamel manéka warni gaḍahanipun satunggal-satunggaling bangsa sadonja, ingkang dipun anggé ing djaman pinten-2 èwu taun kepengker ngantos dumugi djaman samangké.
Ahli sanèsipun malih kadosta: insinjur kapal mabur, supir montor balap, djoki ingkang pinter sanget numpak kapal, wonten malih ahli kabudajan, ahli musik, ugi wonten ahli ingkang sumerep panggesanganipun tijang sadonja. Manawi pilem punika kadamel ing awang-2 utawi ing papan balapan, ing satunggaling panggénan utawi karadjan, satunggal-satunggaling ahli ingkang kapasrahan ladjeng saged ngiguhaken, ngantos gambaripun boten katawis manawi damelan utawi namung tonil kémawon.
Ing kabudidajan pilem ugi wonten ingkang mranata tukang-2 tuwin ahli gambar ingkang pinter-2. Pandamelanipun damel barang warni-2 ingkang prelu kasaḍijakaken kanggé damel pilem, kadosta: damel grija utawi baita kapal ingkang ageng saprabotipun pepak ingkang kedah tumunten kasaḍijakaken.
Wonten malih ahli bumi, pandamelanipun pados papan ing Hollywood tuwin ing sakiwa tengenipun ingkang ngèmperi tanah-2 ingkang katjarijos ing pilem. Upami baḍé damel pilem tjarijosipun saganten weḍi Sahara ing tanah Afrika, utawi saganten weḑi Gobi ing tanah Asia, tijang-2 ingkang main kapurih ḍateng ing Arisona tuwin Népada, panggénan ing Hollywood ingkang mèmper saganten weḑi. Manawi baḑé nggambar Pul elèr, ingkang main kapurih ḍateng ing putjaking redi Sièras ingkang tansah katutupan ing saldju. Kados makaten tjaranipun damel pilem ing Hollywood. Ing salebeting tjarijos mratelakaken nagari pundi tijang ahli wau saged milihaken panggénan ing Hollywood ingkang njamèni nagari ingkang dipun kadjengaken.
Wonten malih ahli ingkang pandamelanipun namung memantes, satunggal-satunggaling tijang saged dados punapa. Ing saben dinten

26