Ing djaman sapunika sinten ingkang dèrèng naté ningali gambar sorot (bioskop)! Bokmanawi namung seḍèrèk satunggal kalih kemawon, sabab ing pundi-2 panggénan, dalasan ing kiṭta kawedanan utawi ing kiṭa katjamatan ingkang radi ramé, temtu wonten kumidi gambarmsorot manawi boten adjeg saben sonten inggih kala-2 manawi ngleresimwonten peken malem. Gambar sorot punika wudjud gambar sumrawang ganḑéng-ganḑéngan, namanipun pilem (film), ingkang kadamel djasad tunggilipun ingkang kadamel penjon utawi dolanan laré wedalan toko; potrèt ingkang dèrèng katjitak ing delantjang, ugi kawastanan pilem. Pilem punika manawi kasorot ing paḑanging dilah, gambaripun tjumițak ing geber petak.
Sapunika kados pundi pandamelipun pilem wau? Pabrik pilem ingkang ageng punika ing Hollywood ing Amerika, punggawanipun kaṭah sanget. Ingkang kapétang punggawa punika boten ngemungaken tetijang ingkang main tonil kémawon, tuwin tukang potrèt sapunggawanipun, nanging ugi tijang pinten² èwu sanèsipun, ingkang nadyan boten magepokan kalijan pilem nanging prelu sanget wontenipun. Saben kabudidajan pilem gaḍah tijang ahli panganggé, ingkang punggawanipun pinten-2 èwu. Ing salebetipun 24 djam saged njawisaken panganggé kanggé tijang 10 000 djaler lan èstri manut djamanipun utawi mangsanipun. Tjontonipun penganggé punika pamenḍetipun saking buku-2, kadjawi punika wonten tjonto warni-2 wiwit penganggenipun tijang wanan ingkang kadamel watjutjal, ngantos dumugi agem-ageman kaprabonipun para radja ing djaman sapunika.
Kadjawi ahli penganggé wonten malih ahli barang-2 kina. Asring kémawon salebetipun damel pilem, ketingal manawi penganggé djaman kina ingkang dipun damel wau dèrèng ngèmperi barang kina sajektos, sanadyan sampun karéka-réka meksa taksih ketingal énggal. Manawi pendamelipun penganggé kina sampun rampung ladjeng kapasrahaken ḍateng ahli kina, punika ingkang gaḍah pratélan warni-warnining satunggal-satunggalipun penganggé. Punggawanipun sampun seḍija siti, weḍi, toja lan sanès-sanèsipun. Penganggé wau dipun usep-usepaken ing siti, dipun damel tutul-2, wonten péranganipun ingkang kasuwèk sampun ngantos ketawis manawi
25