Menyang kontèn

Kaca:Patjitan (Djilid I).pdf/25

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

éwah gingsir, paribasan tetep atos kados kedjèning waluku saged malik siti ingkang kebak séla.
Ing sakawit D.D. katjepeng ing Pretoria (Afrika Kidul) ladjeng dipun lebetaken ing pakundjaran Colombo. Medal saking ngriku, 10 taun malih dipun tangkep ing Djakarta, nunten kabutjal ḑateng sadjawining Inḑonésija. Ing taun 1915 ngalami dipun buwi ing Hongkong. Saking ngriku kapinḑah ḑateng van Couver, Seattle, Ockland, San Francisco, nunten dipun wangsulaken ḑateng Inḑonésija. Ing riku katahan wonten ing pakundjaran ing Djalan Spayer. Ing taun 1920 kabekta ḍateng ing buwèn Semarang.
Setyabudhi punika boten namung misuwur anggènipun dados pemimpin, nanging ugi anggènipun dados wartawan, djuru ngarang tuwin ahli panggulawenṭah. Naté dados reḍakturipun hariwarti Bataviaas Nieuwsblad, wekasanipun ngemuḍèni serat kabar Expres ing Bandung. Karanganipun D.D. peḍes-peḑes sanget, naté mastani kaum pendjadjah Kilénan punika kaum rampok, kètju tuwin bégal, ingkang ngrojok kamardikaning bangsa Asia. Wusananipun D.D. kakénḍangaken ḑateng mantja pradja. Salaminipun wonten ing djawi rangkah, saged papanggihan kalijan pemimpin-2 internasional ingkang kalok namanipun.
Nalika ném-némanipun (taun 1902) saweg kémawon medal saking H.B.S., D.D. sampun tumut perang ing Afrika kidul, mbijantu bangsa Boer nglawan bangsa Inggris, sasarengan kalijan kakangipun, ngantos ketaton kaping gangsal. Naté kaputus angsal ukuman pedjah déning Inggris. Sadèrèngipun nglampahi pidana wau, dipun kéngingaken dateng nagari Walandi, mawi djandji, baḑé wangsul kadjengipun pijambak. Sareng sampun wantjinipun, jektos wangsul. Tijang Inggris sami kagèt, kagum, sareng D.D. ngaḍep pengageng sarta sandjang: „Kula mriki prelu nglampahi ukuman ingkang sampun kaḍawahaken

23