Menyang kontèn

Kaca:Patjitan (Djilid I).pdf/24

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
    dènnja arsa males sih, ira Sang Durjudana, marmanta kalangkung, dènnja ngetog kasudiran, aprang ramé Karna mati djinemparing, sumbaga wirotama.
  1. Katri mangka sudarsanèng Djawi, pantes lamun sagung pra prawira, amirida sakadaré, ing lelabuhanipun, adja kongsi mbuwang palupi, manawa tibèng nisṭa, ina èsținipun, sanadyan tékading buta, tan prabéda budi panduming dumadi, marsudi ing kotama.

K. G. P. A. A. MANGKU NAGARA IV


7. Dr. DANUDIRDJA SETYABUDHI

Kala tanggal 27 Agustus 1950 kaleres dinten Minggu watawis djam 4 sonten ing Banḑung wonten pemimpin ingkang wangsul ḑateng djaman kalanggengan. Pemimpin wau sanget asih tresnanipun ḑateng Indonésija, déné namanipun inggih punika Dr. Danudirdja Setyabudhi. Ingkang suwau namanipun almarhum Eugène François Eduard Douwes Dekker, katjekak D.D. Bapa turunan Walandi, ibu asal saking Djerman, nanging rahipun Dr. wau kaṭah Indonésijanipun. Wiwit nalika sekolah mila D.D. boten naté purun kawastanan Inḑo. Makaten ugi jèn wonten ingkang mastani pijambakipun tijang Éropa, rumaos jèn dipun ina. Rikala dados mahasiswa ing Universiteit Zurich ing nagari Swis, kanți boten tiḍa-2 sandjang, jèn badanipun punika bangsa Djawi (Wekdal samanten tembung Inḑonésija dèrèng limrah kanggé). Anggènipun angsal titel Dr. punika ugi ing Swis. Ungelipun D.D.: „Lairku ing Inḑonésija, dadi ja Inḑonésija iku tanah wutah getihku." Asihipun ḑateng tanah Inḑonésija boten béda kalijan katresnanipun putra Indonésija asli. Ingkang dados iḍam-iḍamanipun inggih punika „berdjuang” murih tanah wutah rah kita punika dados nagari merdika.

D.D., naté ngedegaken Indonesische Partij, sesarengan kalijan Ki Hadjar Déwantara tuwin Dr. Tjipta Mangunkusuma. Sasampunipun punika naté dipun kundjara, dipun butjal, malah mandar naté dipun ḍawahi ukuman pedjah. Éwasamanten manahipun boten

22